Timun Mas
Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing
desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku
durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning
dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh
wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo
pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau
kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan
mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat
kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh
timun sing warnane kaya emas.
Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng,
ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone
timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur
diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong
tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede.
Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih
janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan.
Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku,
gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe
nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean
mlayu.
Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo
pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa
ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik
pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.
Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot
segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang
raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan.
Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot
barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur
ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa.
Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas
njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun,
urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih,
raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur
raksasa turu.
Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka
maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun
Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi
urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan
raksasa gigal meng kero belet.
Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong
tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun
duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun
Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.
Sumber: www.kukejar.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar