Gambar

Gambar

Gambar

Kamis, 01 Januari 2015

Tuladha Geguritan



Banyu Tumetes


Tes tes tes, saya suwe saya banter
Saya suwe saya akeh
Banyu wis kebak nang ndi-ndi

Awan-awan, kowe wis ngancani aku
Tekan sore, kowe ya isih tetep ngancani aku
Ora kesel anggonmu ngancani
Dina iki aku lagi ora seneng marang kowe
Amarga kowe bisa nggawe teles awakku
Nanging kowe isih tetep setia nyang aku
Duh udan, kapan kowe lungane ?


TRESNA

Ing wayah sore
Bubar adzan asar
Tawange katon mbesengut
Nggawe suasana anta
Nanging iku kabeh sejen karo atiku
Atiku mekar kaya kembang mawar
Mabur-mabur butul langit 7
iku kabeh merga sliramu
kang ngucap

“aku tresna marang kowe”



Bocah cilik manis, kakang adhi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung
Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lungka teka wira-wiri
Nrenyuhi
Nembangi lagu-lagu memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Kocatan bapa biyunge dheweke tininggal keri
Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung nyang endi-endi

Dina-dina uripe kalipat ayang-ayange mega


Polatanmu suntrut
Mbesengut
Gethem-gethem tanpa gunem
Tanpa esem
Ngumbar hawa nepsu kependhem
Tega sira medhot sesrawungan
Megat katresnan
Munggel bebrayan
Sasi, warsa, tumekan windu
Ngenteni lereming nepsu
Mugi Gusti paring pitedhah

Amrih lumering manah




Polatanmu suntrut
Mbesengut
Gethem-gethem tanpa gunem
Tanpa esem
Ngumbar hawa nepsu kependhem
Tega sira medhot sesrawungan
Megat katresnan
Munggel bebrayan
Sasi, warsa, tumekan windu
Ngenteni lereming nepsu
Mugi Gusti paring pitedhah

Amrih lumering manah


Pating semribit bahke gegodhongan
Tansah semribit ngenani sliraku
Yen alon agawe semilir
Nanging yen gedhe bisa mbebayani
Omah.. wit-witan...
Kabeh padha mabur
Ora peduli kuwi kuate kaya apa
Omah beton lan wit jati puluhan taun uga bisa kena
Yen angine wis nesu
Tumrap ora ana kang bisa ngalangi
Tumekaning angin gedhe



sumber: cintajawaku.blogspot.com
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar