Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan
Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten
ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan
rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged
makempal sesarengan wonten ing mriki, kangge mengeti dinten kamardikan Republik
Indonesia.
Wonten ing kesempatan menika, kita ngenang malih peristiwa ingkang penting. 17
Agustus 1945 teks proklamasi diwaos kaliyan bapak Ir.Soekarno. Lajeng
proklamasi disebaraken. Indonesia sampun bebas saking penjajah. Upacara
proklamasi kamardikaan Indonesia kirang luwih 1 jam. Singkat lan sederhana,
namung peristiwa menika damel perubahan ingkang luar biasa kagem bangsa
Indonesia. Peristiwa menika, nandai bangsa lan negara Indonesia ingkang mardika
lan berdaulat.
Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan
Kamardikan samenika rahmat kaliyan anugrah saking Gusti Allah SWT. Wondene,
kita wajib bersyukur kaliyan Gusti Allah SWT saking kamardikan ingkang kita
tampi lan nikmati. Para pendahulu kita sampun berjuang berabad-abad dangune
kangge ngraih Indonesia mardika saking tangan penjajah. Perjuanganipun ngrenggut
kekuatan, harta, kaliyan nyawa.
Generasi dene generasi sampun benten. Ewunan lan puluhan ewu pahlawan sampun
gugur dados syuhada wonten ing perjuangan. Saengga, kita kedah ngisi kamardikan
ingkang dicapai kaliyan mujudaken cita-cita proklamasi kamardikan Negara
Republik Indonesia Merdeka, yaiku nyiptakaken keadilan, kemakmuran, kaliyan
kesejahteraan rakyat Indonesia ingkang adhedasar wonten ing Pancasilan kaliyan
UUD 1945. Boten luput, kita ugi andedonga kaliyan Gusti Allah, mugi-mugi sedaya
usaha kita saged diparingi restu kaliyan dipun sekecakaken wonten Gusti Allah.
Amin.
Mekaten atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten
mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih
awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra,
kaparenga panjenengan sedaya paring agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
http://alifasintyagatri.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar