A.
GEGURITAN
Puisi
Jawa ingkang biyasa dipun wastani geguritan kaperang dados kalih inggih
menika :
1.
Puisi Jawa Tradisional, ingkang umumipun arupi tembang.
Puisi menika
ditembangake miturut lagu-lagu khusus, ngagem piranti gamelan utawa tanpa
gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora saged dipisahake kalawan tembang.
Puisi
tradhisional ingkang awujud tembang jawa kathah sanget jinisi lan kaperang dados
telung perangan ageng :
a)
Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Ingkang kalebet
wonten ing tembang macapat inggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil,
Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)
Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Ingkang kalebet
wonten ing tembang tengahan inggih menika : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh,
Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)
Puisi tembang ageng (kawi)
Ingkang kalebet
tembang ageng inggih menika Girisa
2. Puisi Jawa
Modern dipun wastani geguritan.
Gandheng
geguritan menika kalebet puisi jawa ingkang taksih enggal (antawisipun
tahun 1926) puisi menika dereng saged
katampi bebrayan ananging masyarakat, rikala semanten. Luwih-luwih golongan
kasepuhan. Pramila saking menika geguritan menika nalika semanten boten dipun
tumutaken wonten ing sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan
kaping pisanan ananging kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan
thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar
Semangat (thukul
pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya(September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing
Jakarta, lan wiwit tahun 1943 gadhahi lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalanipun.
Para perintis
geguritan menika sami berjuang amrih geguritan menika diakeni lan saged mlebet wonten
ing pasinaonan kasusastran Jawa. Asilipun, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyobi ngempalaken
geguritan ingkang sumebar wonten kalawarti lan ariwarti dados buku ingkang
judhulipun Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah menika wonten ing
sajroning revolusi ical. Semanten ugi kumpulan geguritanipun piyambak ingkang
mawi irah-irahan Geguritan ugi ical.
Para
perintis geguritan sanesipun, inggih menika : R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N,
Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Sanesipun
geguritan wonten puisi jawa sanesipun ingkang arupi parikan lan syair.
Parikan menika puisi jawa ingkang memper lan gadhahi ciri-ciri kados pantun. Dene Syair (bahasa Indonesia) inggih
gadhahi ciri-ciri sami kaliyan syair wonten ing sajroning kasusastraan
Indonesia.
Pramila
bukane ananing geguritan menika diagem nyindir / nyemoni kahanan gesang bebrayan
wonten ing sajroning masyarakat. Sanesipun menika ugi gadhahi unsur didik
/ mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan menika gadhahi teges
puisi bebas. Bebas saking iketaning tembang lan bebas nyariosaken punapa kemawon.
B.
Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur
ingkang kinandhut wonten ing sajroning geguritan dipun wastani unsur
batin. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet unsur batin geguritan.
Tema, tegesipun punjeraning bab ingkang dadosaken geguritan menika dumados.
Utawi gagasan pokok ingkang dipun kersani panulis/penyair.
Tuladha
tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sanesipun.
Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung
ingkang dipun agem wonten ing sajroning geguritan gadhahi teges lan gadhahi
fungsi kagem ngambaraken raos-pangraos. Raos-pangraos menika gadhahi sipat rowa
lan kompleks. Ingkang kalebet rasa-pangrasa kadosta : simpati, empati, antipati
sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sanesipun.
Nada/lagu
Tegese
patrap (sikap) ingkang dipun
ginakaken wonten ing sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek,
muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
Suwasana
Tegesipun
kahananipun batin/jiwa pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan gadhahi
tujuan kanggo mbangun suaswontenbatin pamaos geguritan.
Amanat
kang dumunung wontengeguritan
Tegesipun
bab ingkang pengin dipun wedharaken penyair/panulis marang pamaos. Amanat menika
boten tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi wonten pangrakiting
tembung-tembung.
C.
Struktur Lahir Geguritan
Ingkang
sinebat struktur lahir geguritan menika kahanan bab punapa kemawon ingkang saged
dipun pirsani utawa dipun padosi ananging tembung-tembung ingkang rinakit wonten
sajroning geguritan. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet struktur
lahir geguritan.
Pinilihing
tembung
Pinilihing
tembung ugi dipun wastani diksi. Tembung-tembung ingkang wonten sajroning
geguritan biyasanipun gadhahi teges konotatif, asipat polisemi, lan gadhahi
teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang trep saged ngasilaken
imajinasi ingkang manjila.
Majas
Majas
utawi gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) dipun wastani lelewaning basa. Majas
utawa lelewaning basa menika kangem nambahi grengsenge geguritan.
Rima
Rima utawa
sajak utawa persamaan
bunyi kanggo
nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
Tipografi
Tipografi
menika larik-larik utawa gatraning geguritan ingkang tinulis mawa pada utawa
bait. Bab menika kang bentenaken antawisipun geguritan lan gancaran.
DONYA WIS LUNGSE
Rini T Puspohardini
Muyeg
saemba pasar
Ala becik
mapan digelar
Lamun
luput nintingi
Ora mokal
ati keplantrang
Kaya
ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder
kang saged dibayangake
Luwih
ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau
kelangan layar
Wuta
wektu, wuta dunung
Lumaku
tanpa papan katuju
Apa sejatine
ngaurip
Yen ta skathah
daya
Prasasat
nglari susuhe
angin
Esuk sore lan wengi
Dados
liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa
……….
Sansaya
kangelan maca tandha-tandha jaman
Segara
wedhi
Sajake
padha kelalen
Donya wis
watara lungse
Kari
ngenteni
Tancep
kayone
Jaya Baya,
Edisi 31/1 April 2006
Ananging
geguritan ing nginggil nyariosaken menawi kahanan donya menika sampun sepuh
kados ananging/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan wonten padha pungkasan kang
unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap
kayone.” Tegese (ngagem basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen
, ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).
Kudune yen
donyanipun sampun lungse / tuwa menika saya nggenah lan becik ingkang dipun tindakaken
dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuanipun tiyang. Nanging nyatanipun,
wonten malah kathah tiyang ingkang bingung ngluri tujuanipun gesang. Donya boten
saya jenjem, nanging umyeg kados pasar.
http://cintajawaku.blogspot.com/2014/01/geguritan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar