Gambar

Gambar

Gambar

Rabu, 07 Januari 2015

Budaya Slametan

BUDAYA SLAMETAN WONTEN ING MASYARAKAT JAWA

               Indonesia inggih menika negara ingkang kathah kebudayan. Kebudayan menika kedah tetep dijaga lan dilestariake, khususe wonten ing masyarakat Jawa menika taksih kathah kepanggih adicara Slametan. Slametan menika tegesipun upacara sedekah dedhaharan utawi donga sesarengan ingkang tujuanipun kagem nyuwun keslametan lan kententreman kulawarga ingkang ngawontenaken, ananging ugi saged arupi wujud syukur kagem ingkang damel gesang inggih menika Gusti ingkang Maha Agung. Slametan turun-tumurun saking masyarakat Jawa rumiyin. Wujud slametanipun menika ngempalaken tiyang-tiyang khususipun tangga tepalih kaliyan dipun sukani dedhaharan, ananging saderengipun sami dhahar dipun wontenaken tahlilan, wonten ugi slametan ingkang dedhaharanipun dipun buwang wonten ing segara utawi kagem rebutan masyarakat. Slametan dipun damel nalika  wonten adicara kelairan, rampung damel omah anyar, motor anyar, kelulusan, sekolah anyar, nikahan, damel nama bayi, gantos nama, sunat, panen, ngimpi awon, buka pabrik, sasampunipun gerah, pindahan, suran, ngupati lan mithoni. Sanesipun wonten ing pulo Jawa, ananging wonten ing Sumatra, Kalimantan lan Belanda ugi wonten adicara slametan senajan benten sakedhik kaliyan slametan wonten ing Jawa. Slametan ugi gadhahi fungsi inggih menika saged kagem njaga kekeluargaan saengga saged gesang rukun, tentrem, sareng tiyang sekitaripun. Praktek adicara Slametan menika wonten ing agama Islam wonten ingkang nrima lan wonten ugi ingkang boten saged nrima, kejaba menawi unsur-unsur syirik ingkang biasanipun dipun sebataken kagem dewa-dewa, roh-roh menika dipun icali. Slametan ingkang nganggem cara Islam inggih menika upacara ingkang dipun pimpin ulama lajeng dipun lajengaken dhahar sareng. Slametan ing agama Islam dipun bekta saking Wali Sanga supados ajaran-ajaran ingkang nyimpang kaliyan agama islam saged ical lan tiyang-tiyang boten syirik malih. Benten  kaliyan slametan jaman rumiyin sanajan samenika ugi taksih wonten ingkang nganggem, tiyang rumiyin ngawontenaken slametan kagem unsur syukur ananging kangem roh-roh alus. Slametan sejatosipun saged dipun tindakaken  kagem sinten kemawon, ananging ampun ngantos damel repot piyambakipun. Wonten ing agama Islam boten kedah maksa wonten adicara menika. Ananging kita ingkang asli masyarakat Jawa kedah saged njaga budaya menika supados boten ical, amargi slametan ingkang Islami gadhahi tujuan ingkang sae.  
Pating semribit ngobahke gegodhongan
Tansah semribit ngenani sliraku
Yen alon adamel semilir
Anangingyen gedhe saged mbebayani
Omah.. wit-witan...
Kabeh sami mabur
Boten peduli kuwi kuate kaya apa
Omah beton lan wit jati puluhan taun ugi saged kena
Yen angine wis nesu
Tumrap boten wonten kang saged ngalangi
Tumekaning angin gedhe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar