Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 13 Desember 2014

Gamelan


Gamelan 




Gamelan Jawa menika sawijining utawa corak gamelan ingkang gesang ing tlatah Yogyakarta ugi Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged kagem ngiringi mawarni-warni Kesenian Tradisional kadosta kagem ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional sanesipun. Musik Gamelan Jawa menika benten kaliyan musik gamelan saking daerah sanes. Menawi musik gamelan  Jawa  limrahipun gadhah nada langkung alus, alus lan ngagem laya langkung alon, benten kaliyan musik Gamelan Bali ingkang layanipun langkung cepet, ugi musik gamelan sundha ingkang raos musikipun “nglaras” sanget (mendayu-dayu) lan dipun dominasi swanten suling.
Gamelan Jawa menika gadhah nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa menika ngadhahni 2 laras inggih menika: Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro ngadhahi urutan nada-nada 123567 (ji-ro-lu-ma-nem-pi) ,  dene Laras Pelog ngadhahni nada-nada 1234567 ((ji-ro-lu-pat-ma-nem-pi).

          Gamelan Jawa gadhah aturan-aturan ingkang sampun pakem, antaranipun katata saking pinten-pinten rambahan utawi puteran utawi pathet utawi  jero cethekipun swanten, ugi wonten aturan sampek utawa cepet rendhetipun  laku ingkang sampun pakem, ugi wonten batesan-batesan Gongan lan melodinipun sampun dipun atur wonten ing bageyan-bageyan ingkang saben-saben katata saking 4 nada (gatra). Saben-saben piranti gadhah fungsi piyambak-piyambak ingkang nuntun swanten inggih menika rebab, ingkang manut irama dipun wastani kendhang. Aranipun pemain ingkang nabuh gamelan menika dipun wastani pengrawit, nayaga utawi wiyaga, ingkang nembang priya dipun wastani wira-swara, ingkang wanita wastani pesinden utawa swarawati.

            Wonten ing jaman modern menika, Gamelan menika kadang kala boten dados remenipun para muda. Kathah para muda ingkang boten mangertos babagan gamelan amargi para muda wonten ing kasunyatan langkung kulina ningali utawi nyepeng alat musik modern kadosta  Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sapanunggalanipun, tinimbang nyepeng utawi main alat musik Gamelan. Para mudha boten gumyak pengin saged main Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pamikiranipun para muda inggih menika alat musik ingkang dadosaken piyambakipun katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya menika klentu. Gamelan menika salah satunggaling alat musik ingkang kedhah dipun remeni ugi dipun mangertosi tumrap sedaya tiyang. Gamelan menika alat musik khas Jawa ugi warisan budaya Indonesia.
           Tumrap para muda kedah jaga gamelan caranipun inggih punika nyinauni lan boten gadah penggalih menawi Gamelan menika alat musik ingkang namung dipun amainken tiyang sepuh. Duka kenging menapa Gamelan boten dados  tresnanipun para muda, punapa amargi mainken Gamelan sisah lan njlimet, sedaya kedah usaha. Menawi kita sampun usaha temenan pengin mainken Gamelan, kita bakal saged.
             Ing jaman menika? Kenging menapa boten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolah-sekolah saking SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan. Boten namung alat musik modern kemawon ingkang dipun ajaraken Bapak Ibu Guru. Saking menika para siswa ugi angsal ilmu saking alat musik Gamelan lan dangu-dangu  para siswa bakal tresna marang Gamelan. Menawi boten nggih kita tumrap para muda nggih saged sinau wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta, wonten Kulon Progo iggih wonten kayata Sanggar ingkang ngadhahipun  Pak Jaka.
            Sampun ngantos  alat musik Gamelan ical saking penggalihipun para muda lan sedaya tiyang Indonesia, kita sampun ngantos kagiles kaliyan alat musik modern ing jaman samenika. Kita kedhah bangga marang Gamelan lan kedah ngelestarikaken Gamelan. Sampun ngantos  negara sanes ngrebat alat musik Gamelan. Kita kedhah matenaken menawi Gamelan menika warisan leluhur Indonesia, kula gadah pamanggih menawi gamelan saged diakeni wonten ing Mancaegara. Menika kabudayan Indonesia mliginipun kabudayan Jawa arupi alat musik Gamelan.