Gambar

Gambar

Gambar

Selasa, 02 Desember 2014

Rawa Pening



Rawa Pening


            Saderengipun nglajengaken tapa ing Gunung Merbabu, Ki Hajar Salokantara ngampilaken ladhingipun kaliyan prawan ingkang rewang. Prawan menika dipun welingi supados boten mangku lading menika. Ananging malah dipun pangku ladhingipun. Ladhingipun mlebet wonten ing sariranipun prawan wau, lajeng ngandhut lan mijilaken putra awujud ula.
            Si ula lajeng madosi ingkang bapa, Ki Ajar Salokantara wonten ing Gunung Merbabu. Si ula badhe dipun akeni putra menawi saged ngubengi gunung wau. Amargi kirang sekilan, lajeng ginakaken ilatipun. Dening Ki Ajar Salokantara ilat dipun tugel dados tumbak. Ula wau lajeng tapa.
            Ing sawijining dinten tiyang desa sami pados kajeng ingkang dipun pandhegani dening Ki Juru Mathokan. Nalika leren, Ki Juru Mathokan mlathok-mlathok kajeng. Piyambakipun kaget amargi kajeng wau ngedalaken getih. Tiyang-tiyang desa sami menggalih bilih kajeng wau kewan. Kaliyan Ki Juru Mathokan tiyang-tiyang desa sami dipun prentah supados ngethok-ngethok kajeng wau lan dipun bekta wangsul.
            Sukmanipun ula ingkang awujud bocah bajang tumut wonten desa, nyuwun dipun paringi dagingipun sekedhik supados dados ula malih. Ananging boten wonten ingkang maringi. Dening Ki Juru Mathokan ugi dipun usir. Bocah Bajang lajeng sowan wonten dalemipun mbok randa. Mbok randa boten saged maringi amargi boten angsal bageyan. Saderengipun nilaraken dalemipun mbok randa, Bocah Bajang meling supados nitih lesung menawi wonten geger-geger.
            Bocah Bajang lajeng dolan wonten kelurahan. Piyambakipun damel sayembara bedhol sada supados dipun paringi daging. Tiyang-tiyang sami boten saged, lajeng dipun bedhol piyambak. Tilasanipun sada medal toyanipun ageng ingkang ngelep tiyang-tiyang Desa Banarawa ngantos dados rawa. Rawa menika ingkang dipun wastani Rawa Pening. Dene ingkang slamet mbok randa amargi nitih lesung lan Bocah Bajang malih dados Baruklinthing ingkang nguwasani Rawa Pening.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar