Gambar

Gambar

Gambar

Jumat, 12 Desember 2014

Upacara Tingkeban



Upacara Tingkeban

 



Upacara tingkeban wonten ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta ngantos saniki taksih ker dipuntindakake. Upacara tingkeban menika minangka upacara slametan pitung sasi kangem calon ibu ingkang bobot kaping setunggal. Upacara tingkeban dipun wontenaken  mesthi gadhahi ancas ingkang kepengin dipun gayuh dening kulawarga, mliginipun ancas supaya bayi mijil kanthi gampang, slamet lan boten wonten  alangan menapa-menapa. Kajaba menika muga-muga besukipun dados putra ingkang bekti marang tiyang sepuhipun. Wonten ing mriki uga badhe dipun andharaken tata cara upacara tingkeban kalebet nyamping ingkang dipun agem calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan kaliyan sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak langkung rumiyin sungkem wonten ing ngarsanipun rama lan ibunipun. Sungkeman menika gadhahi ancas mugi–mugi ing tembe jabang bayi ingkang dipun lairaken saged dados bocah ingkang bekti marang tiyang sepuhipun. Salajengipun upacara siraman, wonten ing upacara siraman, calon ibu dipun siram dening tiyang pitu, kayata : bapak saha ibu saking calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sederek utawi tangga tepalih ingkang saged dados tuladha becik. Sasampunipun siraman lajeng sesuci (wudhu). Toya ingkang dipun wadhahi ing kendhi kangem sesuci wau lajeng dipun pecah dening ibu saking calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu gantos nyamping kaping pitu, ingkang urut-urutanipun : nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Salajengipun gantos nyamping wonten adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetaken ing bangkekanipun calon ibu. Sasampunipun nigas janur kuning, calon bapak lajeng mlayu banter, menika gadhahi ancas mugi-mugi jabang bayi saged  lair kanthi lancar lan cepet. Lajeng acara brojolan. Brojolan wonten ing mriki wonten kalih werni inggih menika yaiku brojolan tigan (kanthi pangajab mugi-mugi bayi saged kalairaken kanthi gampang boten wonten sukerta ingkang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho inggih menika brojolan cengkir ingkang dipun gambari Kamajaya lan Kamaratih utawi Arjuna lan Subadra ingkang minangka pralambang lairipun jabang bayi. Menika lampahing adicara upacara tingkeban. Ananging, amargi desa mawa cara negara mawa tata, mula boten mokal manawi saben daerah sanes tata caranipun nindakaken. Sedaya wau minangka simbol kagem gayuh kabecikan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar