Gambar

Gambar

Gambar

Rabu, 10 Desember 2014

Upacara Adat Siraman



Upacara Adat Siraman

     Salah satunggalipun adat tata cara pengantenan inggih menika siraman calon penganten. Saderengipun acara siraman calon penganten putri, sadinten saderengipun ingingkang gadhah damel sampun pados toya sumber pitu, sumber pitu utawi tuk pitu wau saged wujud sendhang utawi sumur, dados sanes toya kali ingingkang boten suci amargi sampun  reget. 
     Sasampunipun calon penganten putri dipun busanani busana siraman, rambut dipun ore, dipun kanthi mijil saking kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik kaliyan sepuh piniji ( putri ) ingingkang lenggahipun sampun dipun tata saderengipun sampun dipun tata, jejer-jejer. Urutan ingingkang pungkasan piyambak dados lenggahipun ibu lan ramanipun calon penganten putri. Sasampunipun sungkem pangabekti, calon penganten putri tumuli dikanthi dening  rama lan ibunipun manjing papan siraman. Calon penganten putri dipun lenggahaken ing papan siraman ingingkang sampun cinasampunak. Rama lan ibunipun lajeng nampa toya sumber pitu saking paraga ingingkang piniji, salajengipun toya sumber pitu kacampuraken ing jambangan ingingkang badhe dipun agem siraman. Sasampunipun toya dipun campur, dhukun penganten ngandani para sepuh putri ingkang piniji baka siji nyirami calon penganten pungkasanipun rama lan ibunipun.
             Rampung siraman nuli nindakaken acara pecah pamor. Caranipun, kendhi pratala isi toya dicurake dening ramanipun kagem wudhu tumrap calon penganten putri ingingkang muslim, dene sanesipun cekap kagem raup nganti toyane telas. Menawi kendi sampun kothong, lajeng dipun cepeng sareng-sareng dening rama lan ibunipun, kendhi dipun tibakaken utawi dibanting kaliyan ngucap :”Aku ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku”. Sasampunipun kendi pecah, calon penganten putri lajeng dipun anduki lan dipun bopong  mlebet kamar proboyoso dening rama lan ibunipun, pepindhane kados dipun gendong kanthi kebak rasa tresna asih.

 Ringkesan Wacan Siraman
·       Siraman inggih menika salah setunggalipun prosesi ( upacara adat ) ingkang gadhahi tujuwan ngeresiki reregeting awak lair tuwin batin .
·       Ingkang dibetahake ing upacara adat Siraman inggih menika :
1.   Toya saking 7 sumber ( 7 tuk ) ingkang sanes panggenanipun. Angka pitu ing upacara siraman gadhahi makna pitulungan kagem panguripanipun calon penganten .
2.      Toya ingkang dipun kempalaken wau kedah saking kulawarga ingkang sejahtera.
3.      Toyane uga kedah saking kaluwarga  ingkang saged maringi teladan gesang ( keluarga terhormat ).

·       Paraga inggih menika tiyang ingkang nyirami penganten ngagem toya siraman mau.
·       Tiyang paraga : 7 pasang kaluwarga ingingkang isih utuh, 7 pasang kaluwarga ingingkang sejahtera, 7 pasang kaluwarga ingingkang sampun tuwa ( sampun pernah nikahake anakke ), 7 pasang kaluwarga ingingkang isa maringi teladan urip .
·       Kendi pratala inggih menika wadah toya siraman .
·       Nalika kendi pratala dipecah kaliyan tiyang tuwane penganten, tiyang tuwa penganten mau ngomong “Aku ora mecah kendi iki ,ananging mecah pamore anakku supados dadi pribadi ingkang utama”.
·       Ruang probosuyasa inggih menika ruang rias penganten putri supados dadi ayu sasampunipun upacara siraman dipun pungkasi.

Kembar Mayang
            Kembar mayang biyasanipun dipun bekta ing adicara “ Temu Nganten “ ing ngajeng lawang omah penganten putri. Kembang mayang menika dipun bekta kaliyan sepasang praja utawi remaja wadon lan sepasang praja putra ingkang isih jejaka lan perawan. Kembar mayang ingkang dipun bekta kaliyan pihak putri dipun ijoli kaliyan kembar mayang ingkang dipun bekta kaliyan pihak penganten kakung.
            Miturut tradisi Jawa ingkang sampurna utawi jangkep, kembar mayang inggih menika karangan sekar utawi kembang saking godhong-godhong wit klapa ( janur ) ingkang dipun tancepaken ing tanggul klapa. Lan dekorasi kembang mayang menika gadhahi makna utawi arti ingkang becik.
·       Hiasan ingkang awujud gunung dhuwur lan amba gadhahi lambang yen penganten kakung kedah jembar kawruh utawi gadhah ilmu pengetahuan ingkang becik, berpengalaman, lan sabar .
·       Hiasan ingkang wujudipun awujud keris gadhahi arti supados pasangan penganten kedah ati-ati ing panguripane.
·       Hiasan awujud cemeti utawi cambuk, gadhahi arti pasangan kedah berpikir positif ingingkang harapane supados uripe bahagia .
·       Hiasan awujud payung ngadhahi arti pasangan kedah ngelindungi kaluwarganipun piyambak.
·       Hiasan awujud walang gadhahi arti pasangan penganten kedah tangkas, berpikir cepet, lan mendhet kaputusan ingkang leres kagem keslametan kaluwargane.
·       Hiasan awujud manuk : pasangan kedah ngadhahi tujuwan urip ingkang becik .
·       Godhong ringin : pasangan kedah ngelindungi kaluwargane dhewe lan tiyang sanes .
·       Godhong kruton : ngadhahi arti ngelindungi pasangan penganten saking roh jahat .
·       Godhong dadap serep : nandakaken pasangan penganten kedah gadhah pikiran jernih lan tenang ngadhepi masalah kaluwarganipun.
·       Bunga patra manggala : digunakaken kagem hiasan kembar mayang.


 Gambar Kembar Mayang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar