Gambar

Gambar

Gambar

Minggu, 11 Januari 2015

Resensi Novel Jemini


1.        Identitas Buku
a.         Irah-irahan buku                   : Jemini
b.         Pangripta                               : Supdhuwit Brata
c.         Penerbit                                 : Narasi (Anggota IKAPI)
d.        Cithakan lan taun terbit        : Cetakan Pertama, 2012
e.         Kandel buku lan cacah kaca : 14 x 20 cm, 196 kaca
f.          ISBN                                                : 978-979-168-306-7

2.        Judul Resensi : Lelakone Wong Ngaurip

3.        Ikhtisar Wosing Buku

Saka judul resensi iki yaiku lelakone wong ngaurip. Wong kuwi bisa lanang, uga wadon. Iki nuduhake menawa wong urip iku bakal nemoni susah lan seneng. Kabeh mau kudu dilakoni kanthi sabar, ikhtiyar, lan tawakal.
Buku iki babar babagan wong wadon tangsi sing jenenge Jemini nalika jaman pemerintahane Walanda ing Indonesia. Nalika wong-wong padha dadi serdadune kumpeni, banjur padha urip ing tangsi. Ing tangsi urip diatur dening unine slompret. Arep ngelakoni apa wae ana wektu lan tata carane lan ing papan sing wus katemtokake.
Kanggo serdadu sing uwis omah-omah, keluwargane diboyong menyang tangsi. Yen esuk nganti sore sing lanang padha kerja. Dene sing wedok padha masak ing dapur umum, utawa umbah-umbah ing kolam umum uga. Anak-anake padha dolanan bareng ing plataran. Yen wis rada diwasa banjur padha bisa ngrewangi biyunge.
Kanggo serdadu sing durung omah-omah, bisa duwe munci. Munci kuwi wong-wong bumiputera sing wis prawan kanggo ngurus keperluan omahe.Malahan iya ana sing didadekake kanca turu.
Saka isine novel ngatonake menawa jerone ilmune ing nganggit. Mula ya ora aneh manawa carita ini ora gampang disemak priyayi “lumrah”. Sanajan isine nyritakake lelakone wong-wong tangsi sing pangkate endhek. Cerita iki dadi konsumsine kaum elitis, para sutresna kang mumpuni lan kagungan sangu pengetahuan kang cukup kanggo njlimeti lan ngematake isi karangan iki.
Karangan iki nggunakake basa Jawa Wetanan (Surabaya). Kadang kala ya dibumboni karo basa Landa. Menawa diwaos marang wong sing basane Jogja – Solo mesthi wae kudu baleni maneh maca amarga  akeh tembung  sing beda.  Durung maneh basa Landane ora kabeh ana tegese. Ora dadi apa pemaos tetep bisa dong, menawa maos kanthi teliti.
Penulis gunakake irah-irahan yaiku Jemini. Dadi buku iki nyritakake lelakone Jemini minangka anake serdadu kumpeni sing urip ing Surabaya. Wektu iku Jemini isih bocah dadi senenge playon lan dolanan. Jemini kerep dijiwit pupune utawa bokonge karo makne, amarga saking nakale. Yen dikongkon tuku apa-apa jaluk opah. Manawa dolan uga ora reti wayah, tansah bedigasan kaya bocah lanang,  seneng penekan wit.
Nalika wis rada dewasa, Jemini dinikahake karo salah sijine prajurit sing jenenge Urip. Slametane meriah ditanggapake wayang lan ledhekan. Jemini banjur diboyong Urip menyang tangsi Sambongan. Wengi kapisan, Jemini ora gelem turu dadi siji karo Urip. Ananging bola-bali nyudhul kasure Urip ing dhuwure. Bareng esuke nalika Urip keturon, Jemini metu ngomah, balik ing omahe bapak-biyunge ora gelem balik karo Urip maneh.
Ora watara suwe Jemini ditembung dening den Radian arep didadekake muncine. Kaya sing dhisik, Jemini mung bisa saguh. Jemini banjur diboyong menyang Betawi. Ing kana Jemini disiya-siya karo tuwane. Yen diwenehi dhuwit blanja uga mung sethithik. Jare meh dinikah jebul nganti sawetara suwe ora dinikah. Jemini banjur minggat menyang Padalarang.
Ing Padalarang, Jemini menyang omahe Kartakusumah, sedulure Wa Thalib, tanggane nalika ana ing Surabaya biyen. Ora let suwe Jemini dipethuk karo bapak ibune. Jemini banjur diboyong bali ing Surabaya.
Ing Surabaya, Jemini wis katon dewasa, gelem ewang-ewang makne ngurus omah lan kantin.  Iki sing dadekake Jemini ditembung dadi muncine Landa Dawa utawa Oom Piet. Karo Oom Piet, uripe Jemini kepenak, rukun, ora tau disiya-siya, kerep dijak guneman bareng. Dhuwit kanggo kebutuhan dipasrahake kabeh karo Jemini.
Suwe urip bebarengan, Oom Piet kapengin nikah karo Jemini. Oom Piet jaluk izin karo pendheta lan pimpinane, ananging ora entuk nikah karo anake serdadu sing tingkatane kaya bapake Jemini. Dheweke banjur ngirim surat kanggo wong tuwane ing Landa babagan izin nikah karo Jemini. Wong tuwane sarujuk. Surat mau diwenehake marang pendhetane, wiwitane tetep ora entuk. Ananging suwe-suwe entuk. Jemini sida nikah karo Oom Piet. Bubar kuwi Oom Piet lan Jemini pindah ing Batujajar.
Ing Batujajar, Jemini urip cedhak karo Wa Thalib. Jemini banjur duwe anak siji dijenengi Linda. Umure Linda setengah sasi nalika kontrake kerja bapake enthek lan kudu balik menyang negarane. Jemini dijak ora gelem. Nalika ditinggal, Jemini mesthi dikirimi layang lan dhuwit blanja karo bojone. Watara wolung sasi sabanjure Jemini ditinggal, bojone bali menyang Jawa maneh kanggo Jemini lan Linda kanggo selawase.

4.        Unsur Intrinsik Novel
a.    Tema                            : Katresnan.

b.    Irah-irahan Novel        : Jemini
Irah-irahan dijupuk saka tokoh sentral ana ing novel, yaiku Jemini. Jemini dadi tokoh sentral ana ing novel amarga tokoh Jemini duwe gegayutan karo tokoh-tokoh liya-liyane.


c.          Isi                             :
Lelakone wong wadon sing manut karo wong tuwane nalika dijodhokake. Kanthi sabar, tawakal, lan usaha wusanane bisa ketemu karo jodhone.

d.        Alur   : Maju.
Alur ana ing novel Jemini kalebu alur maju/ lurus. Miturut kuantitas alure novel iku duweni alur tunggal, amarga ceritane ana ing sawijining tokoh utama yaiku Jemini.  Dene miturut kualitas alure, novel iku duweni alur renggang/longgar, amarga ing sajroning novel ana digresi-digresi. Ana ing  degresi  iku nggambarake kejeliane Suparto Brata anggone nguwasani sawijining permasalahan.  Menawa ing pungkasan cerita nggambarake yen novel iku duweni alur katutup, sabab ora gawe pitakonan-pitakonan babagan rampunge cerita ana ing novel  Jemini.

e.    Penokohan
1)        Wagiman           
·  Wicaksana
Iku kabuktekake nalika Oom Piet ngomong arep jupuk munci Jemini arep ditakoni dhisik Jeminine. Amarga Jemini wis dewasa lan duwe hak nemtokake uripe dhewe.

Kutipan:
“Kowe, ki! Aja grusa-grusu! Jemini ki saiki rak wis duwe pikiran dhewe. Lan yen ora dadi pikirane genah yen wateke kaya ngono, ngono, lo.”
“Jangan ambil marah, ya, tuwan. Itu anak prempuwan pancen sok bongol. Jadinya mesthi ati-ati, nyang kalem,” pake Jemini uga kandha grapyak (halaman 132).

·  Jirih
Iku kabuktekake nalika ora wani nolak lamarane Oom Piet amarga Oom Piet wong Landa lan pangkate luwih dhuwur tinimbang dheweke.

Kutipan:
“Gelema, ya, Ndhuk. Kopral Dawa mono wong sing kenceng kekarepane, mantep pikirane. Yen muni diukum, ya kudu diukum, yen muni seneng, ya seneng! Kowe aja nggawe cuwane atine, ya, Ndhuk?” panglipure bapake (halaman 136).




2)        Semi                  
·  Penyayang
Iku kabuktekake nalika Jemini sedhih, emake Jemini ngelus-elus Jemini. Sanajan Jemini kerep dinesoni amarga nakal.

Kutipan:
Jemini ora mangsuli. Tangise saya ndadra, sesenggruke saya banget, gegere nganti hoyak-hoyak. Dheweke ora tau oleh elus-elus kaya wektu kuwi. Tangane emake rasane nyenengake. Jebul emake ki ya tresna marang dheweke! Wis suwe banget rasane tangane emake ora tau nggrayang sirahe, grayangan katresnan. Biyen, dhek Sum isih bayek, Jemini kelingan gawene dielus-elus emake. Nanging bareng adhik-adhike lair lan saya gedhe, Jemini luwih kerep diciwel, diunek-unekake, dikongkon lan disentaki katimbang dielem lan dielus-elus. Aneh, awan kuwi, nalika atine anyel, emake namakake tangane kanthi gemati! Gawe ayome atine Jemini (halaman 55).

·  Gemi
Iku kabuktekake nalika menehi dhuwit Jemini kanggo tuku kabutuhan tansah di cukup-cukupake supaya ora boros.

Kutipan:
“Mbakone pira, se, Mak?”
“Mbakone sabil, suruh karo enjet saksen. Dadi karotengah sen.”
“Alah, gak kathik sosuk iki? Gae opah! Mongsok gak ngangge opah?”
“Hus, tuman! La sing kok nggo tuku es lilin mau apa?” (halaman 9).

3)        Jemini                
·  Lugu
Iku kabuktekake nalika dijiwit karo emake dikira wis prawan. Jemini durung ngerti tegese iku.

Kutipan:
“Wudun? Ana wudunmu neng bokong, ta? Huh, dakkira...Dakkira kowe wis prawan, Jem! Kaget, aku.”
“Prawan ki yok apa, se, Mak?”
(halaman 5).
·  Nakal
Iku kabuktekake nalika wayah bengi, wayah turu, Jemini tangi banjur metu saka omah kanthi mlumpat jendela.

Kutipan:
....Niliki lawang, dikancing, dikunci saka njaba. Jendhela cedhak lawang kuwi dieling-elingi. Diranggeh grendhele. Menga. Dibukak alon-alon, cincing jarit, mlangkah jendhela.nsedhela maneh wis tekan njaban kamar. Jendhela bali dienep, dheweke nggeblas. Nuruti usuking ati (halaman 21).

·  Jujur
Iku kabuktekake nalika dikongkon nampa lamarane Den Radiah ngomong yen durung tresna amarga durung tau tepung apa maneh  guneman.

Kutipan:
“Piye, Jem?”
“Embuh, Pak! Dakpekire sing dawa dhesik!”
“dipikir barang! Apane sing kok pikir?!”
“Aku dorung eruh, hare, Pak, mbarek ing jenenge Den Radian. Sumpah, Pak.”
(halaman 80).

·  Sabar
Iku kabuktekake nalika Jemini disiya-siya karo Den Radian, dheweke tansah narima lan nglakoni urip karo Den Radian.

Kutipan:
Radian kuwaregen, lempe-lempe, glegekan. Ora ngglawat. Cuwak-cuwak tangane sing mambu brutu iwak pitik dikoboke ing banyu dening Jemini, disabuni. Diwisuhi ing kobokan. Tetep ora ngglawat, serdadu setengah mendem kuwi terus dipapah dening Jemini dilakokake menyang peturon. (halaman 99)

Jemini uga sabar nalika nunggu bojone, Oom Piet sing lagi bali ing negara Belanda kanggo sawetara wektu ngurus kontrak kerjane banjur bali maneh menyang Jawa. Jemini methuk ing Pelabuhan Tanjung Priuk kanthi sabar nunggu kapal sing ditumpaki bojone..

Kutipan:
Ing dina wayah kapale teka, isih esuk, Jemini karo Linda lan Wagiman wis budhal menyang pelabuhan. Kapal Oranje van Ostenrijk ing ditumpaki Piet durung teka. Ing pelabuhan ana kapal labuh, kapal penumpang. Ing dhek wonge akeh, sajak sing numpak wong-wong bumiputera (halaman 185).

4)        Oom Piet           
·  Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine ora dienthukake nglakoni pagaweyan sing nyiksa awak.

Kutipan:
“Kena apa kowe mau kok sajak wedi? Kena apa mung ngono wae kok labuhi nangis? Aku rak ora tau kongkon kowe reresik omah nganti nyiksa awakmu?” omonge Piet terus-terusan (halaman 147).

....Taun-taun lumaku, Jemini uga diajari maca-nulis, ya terus lanyah wong saben dina digegulang tanpa kendhat maca buku. Digolekake guru les barang...(halaman 191).

·  Tanggung jawab
Iku kabuktekake nalika tansah ngirim dhuwit blanja kanggo Jemini.

Kutipan:
Piet kirim dhuwit blanjane. Saiki Jemini ngreti tenan, yen Tuwan Piet beda karo Oom Slompret. Tuwan Piet benere mono tresna tenan marang dheweke. Marang Linda....(halaman 184).

5)        Wa Thalib         
·  Dermawan
Iku kabuktekake nalika Jemini dislameti amarga wis prawan diwenehi krupuk kanggo para tamu.

Kutipan:
Wak Thalib wadon teka nggawa besek gedhe. Isine krupuk Madiun karo jadah iyas Gresik. Jare dienggo ganep-ganep suguhan.
“Alah, Wak Thalib iki! Kok repot-repot. Iki mung bancakan bocah, kok,” ujare Emake Jemini.
“La anu, ta, Dhik. Mumpung isih menangi gawene Jemini...(halaman 48).

·  Gemati
Nalika Jemini ditinggal bojone bali menyang negarane, Wa Thalib sing biyantu Jemini jupuk dhuwit saka bojone, maca lan nulis surat kanggo bojone.

Kutipan:
“Wa Talib. Mangke mang tuliske serat...”
“Iya, iya! Kaya sabene ta wis!”
(halaman 185).

6)        Urip                   
·  Sabar
Iku kabuktekake nalika ngadhepi Jemini sing ora gelem turu dadi siji karo bojone.

Kutipan :
Urip ora cumuwit maneh. Kudu sabar, mantene isih giras...(halaman 69).

7)        Radian              
·  Kasar
Iku kabuktekake nalika Jemini dadi muncine tansah disiya-siya lan diseneni.

Kutipan:
Kaya Raden Gathutkaca wayang wong ndhupak buta Rambutgeni patrape Radian ndhupaki Jemini. Jemini tiba kelumah-lumah... (halaman 95).

·  Seneng blenjani janji
Iku kabuktekake nalika arep nikahi Jemini yen ana ing Betawi ananging nganti suwe Jemini ora di nikahi.

·  Gemi
Iku kabuktekake nalika ngatur dhuwit kanggo kabutuhan tansah diiwit-iwit.

Kutipan:
Bener kandhane Kadinah. Radian pancen gemi. Mula durung suwe anggone manggon neng Betawi wis bisa tuku radio merk Erres. Yen bengi distel klenengan Solo. Lemarine anyar. Wekkere iya anyar, mula sadurunge kebribenan unine slomprat wayah esuk, Jemini wis digugah jam weker (halaman 87).


8)        Siti                    
·  Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine Den Radian ana ing Betawi, dheweke niliki Jemini.

Kutipan:
Mengkono uga Siti, bojone Oom Slompret sing teka niliki mboklike, dadi welas weruh kahanane Jemini...(halaman 90).
·  Welas
Iku kabuktekake nalika nuweni Jemini ana ing Betawi, welas karo kahananipun Jemini sing di siya-siya sarta panganggone sing kurang trep miturut adat Jawi.

Kutipan:
“Ah, nanging yen kaya sampeyan ngono kuwi, Lik, aku ya ora betah nglakoni. Dupeh lanang. Dupeh pangkate dhuwur..!”

“Lik. Sampeyan neng ngomah kok nyandhang kaya ngono kuwi? Apa ora isin, awakmu katon ngengla ngono?”
(halaman 91).

9)        Kadinah            
·  Ora dendam
Iku kabuktekake nalika arep babaran jaluk ditunggoni karo Siti, sisan mangestoni antarane Den Sutras karo Siti.


Kutipan:
“Yu Siti. Den Sutras isih tresna kowe, Yu.”
“Aja mikir kang mengkono, Nah. Awakmu isih ora kepenak.”
“Kowe uripa neng kene maneh, ya, Yu. Awor aku.!”
(halaman 171).

10)    Ngadinem         
·  Seneng godha
Iku kabuktekake nalika godha bojone wong liya, dijak ketemuan ing wayah bengi.

Kutipan:
“La kowe mengko bisa metu, ta, Mas?”
“dak pamit main sekak neng nggone Oom Slompret.”
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”
“Tenan, ya. Aja lali. Saiki dak mulih dhisik. Kowe arep adus?”
“Iya.”
“Aku melu mlebu, ya?”
“Sssst! Aja saiki, ah, isih padhang. Sapa ngreti, ana wong sing kasep adus maneh. Blai awake dhewe, konangan!”
(halaman 16).

f.     Setting
·           Latar Panggonan
1)        Kompleks Tangsi Surabaya :
Ø Omah Dines Wagiman
Kutipan:
Kaya serdhadhu kumpeni liyane, Wagiman saanak bojo urip ing tangsi kono oleh kamar sacumpleng..(halaman 10).

Ø Kampung Landa
Kutipan:
...Jemini nutugake golek codhotan menyang Kampung Landa, yakuwi lojiloji gedhe dalah paviliyune, sing madeg dadi pagere tangsi sisih kidul lan wetan. (halaman 22).
Ø Dapur Umum
Kutipan:
Geger! Pawon Umum ing tengahe tangsi kuwi dadi rame..(halaman 4).

Ø Kamar Mandi Umum
Kutipan:
Jemini tangi, terus mlayu menyang kamar mandhi. Sing disebut kamar mandhi, kanggo bapak-bapak karo keluwargane ora padha. Bapak-bapak kaum priya sisih wetan. Wong wadon karo bocah-bocah ing sisih kulon (halaman 15).

2)        Tangsi Sambongan
Kutipan:
Kocapa Jemini. Bubar gawe banjur diboyong menyang Tangsi Sambongan, panggonane Urip (halaman 63).

3)        Tangsi Betawi (Jagalan)
Kutipan:
Ing Betawi tangsine luwih gedhe. Luwih amba...(halaman 86).

4)        Stasiun Pasar Senen
Kutipan:
... Sawise diurut, lakune tekan stasiun Pasar Senen. Kahanane sepi mamring. Alon-alon dheweke nyedaki lawang, arep mlebu. Diendhek sing jaga lawang (halaman 104).

5)        Stasiun Padalarang
Kutipan:
Mudhun ing stasiun Padalarang wis sore (halaman 106).

6)        Tangsi Batujajar
Kutipan:
“Teng Tangsi Batujajar gelem, Pak?” (halaman 106).

7)        Omahe Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
“Kula madosi wong sing namine Kdhuwitkusumah,” omonge Jemini takon marang wong nom-noman sing dhines piket tangsi.
“Ngga, kula terke teng nggene Raden Kdhuwit,” ujare prajurit jaga sing sepisanan dijak ngomong Jemini kuwi (halaman 107).

8)        Kantin Ibu Semi
Kutipan:
Sore-sore sumuke eram. Wong-wong lagi appel. Trompet asyar lagi wae keprungu. Ing kantin sepi...(halaman 120).

9)        Kampung Gatotan
Kutipan:
Sawise nikahan, Piet karo bojone golek omah liya. Oleh omah pethak ing kampung Gatotan, ora adoh saka Greja (halaman 173).

10)    Blawuran, Tunjungan, Gemblongan, Pasar Turi
Kutipan:
Yen mulih saka Tunjungan utawa mlaku-mlaku neng Gemblongan, padatan mampir Pasar Turi (halaman 174).

11)    Tangsi Batujajar
Kutipan:
Manggon ing sewan omah Gatotan pranyata ora suwe. Ketungka dipindhah dhines menyang Batujajar! (halaman 178).

12)    Pelabuhan Tanjung Priuk
Kutipan:
Sidane mung Piet Coertszoon sing budhal menyang Negara Landa. Linda lan Jemini ngeterake tekan pelabuhan Tanjung Priuk (halaman 181).

·           Latar Wektu
1)        Tanggal selawe
Kutipan:
“Lo, Wak Talib! Mangga, mangga. Tanggal pira, ta, ki kok....!? e, iya. Tanggal selawe. Beneran, telat mangan niki wau. Durung leyeh-leyeh...(halaman 12).

2)        Jam sanga
Kutipan:
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”


3)        Karotengah jam
Kutipan:
Let karotengah jam Jemini bali. Krenggosan. Dheweke ora tau lunga bengi ijen..(halaman 21).

4)        Sawulan Suwene
Kutipan:
Wis meh sesasi Jemini neng omahe Raden Kdhuwitkusumah. Bocahe katon krasan..(halaman112).

5)        Jemini ing omahe  Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
Sarimin teka maneh. Saiki meh ajeg-ajegan mertamu menyang omahe Raden Kdhuwitkusumah. Ora njujug ngarepan, nanging mlipir-mlipir liwat ngiringan omah, njujug tunggone Wak Talib.
“Dhik Jemini teng pundi, Wak?”
“E, Nak Sarimin! Manggak-manggak. Jemini, embuh iki mau menyang endi. Sakesuk kok sengkut olehe nyambutgawe. Ya nyapu, srebet-srebet prabot, ngepel jogan..(halaman 111).

6)        Sewulan pisan pendhak tanggal enem likur
Kutipan:
Sewulan sepisan, saben tanggal nemlikur, serdhadu kompeni sing wis omah-omah nampa rangsum bahan panganan (halaman 28).

7)        Dina minggu ana ing acara matinéé

8)        Ing sawijining dina
Kutipan:
Ing sawijining dina, Jemini dolanan ijen ing urung-urung mburi tangsi..(halaman 42).

9)        Wulan Oktober ing sasi ketiga.

10)    Karo tengah taun
Karo tengah taun manggon saomah karo Piet Coertszoon ing loji Kampung Landa Jemini disebut munci...(halaman 172).





11)    Ing wayah bengi
Kutipan:
Wis bengi. Kliwat jam loro. Urip sing nungggoni neng ngarep kamar gragapan tangi...(halaman 180).

·           Latar Swasana
1)        Meriah nalika dina nikahe Jemini karo Urip
Kutipan:
a
2)        Tegang karo panas nalika bengi kapisan nikahe Jemini karo Urip.
3)        Sedhih nalika Jemini disiksa karo Radian.
4)        Bingung nalika Jemini ninggalake tangsi Betawi (Jagalan), lan wusanane lunga menyang Padalarang.
5)        Sedih nalika Jemini diseneni karo Wagiman amarga ninggalake Radian tanpa pamit.
6)        Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon pedhot karo tunangane Marie Wevers.
7)        Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon durung enthuk izin nikah karo Jemini.
8)        Sedhih nalika Siti ditakoni Jemini babagan anak-anake sing digawa Oom Slompret bali ing Belanda.
9)        Swasana sedhih nalika Kadinah arep babaran, jaluk tulung karo  Jemini  nyeluki Siti  supaya nunggu lairane.
10)    Swasana seneng nalika Oom Piet Coertszoon enthuk izin nikah karo Jemini banjur digawa menyang Gereja.
11)    Swasana bingung nalika Jemini  nunggu tekane Oom Piet Coertszoon saka Belanda.
12)    Swasana haru nalika weruh Oom Piet bali saka Belanda ana ing Pelabuhan Tanjung Priuk.

g.     Sudut Pandang
Sudut pandang ana ing novel  Jemini  gunakake wong katiga utawi  gaya serba tahu. Pengarang nyebutake jeneng-jeneng tokoh sing ana ing novel Jemini. Saengga pengarang bisa jelasaken cerita kanthi mardika.

h.    Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing digunakake ana ing novel Jemini yaiku:
1)   Repetisi
Kutipan:
‘Jemini ngenteni. Ngenteni nganti wong wadon mau gebyur.’ (halaman 16)
Miturut kutipan iku ngandarake yen Jemini ngenteni, ngenteni wong sing lagi adus. Kutipan kuwi kalebu repetisi jenis anafora amarga wujud penanda ngenteni kuwi dadi tembung kapisan ing ukara kapisan sing dadi tembung kapisan kanggo ukara candhake.
2)    Sinonim
Kutipan:
Padatan sing diomongake crita-crita nalika ana padesan. Critane kaum pamili lan kabar anyar saka kampung. Kuwi wae ora tau kentekan warta.’ (halaman 19)
Miturut kutipan iku nuduhake yen masyarakat tangsi biyasane nyritakake cerita-cerita nalika ing desa. Tembung sing padha-padha duweni teges padha yaiku kabar lan warta.

3)   Antonim
Kutipan:
Bengi kuwi, merga awan mau keturon neng ngisor longan, Jemini ora ngantuk’
(halaman 19)
Wujud penanda ing dhuwur duwe oposisi mutlak, yaiku pertentangan teges sing mutlak antarane tembung bengi karo tembung awan.

4)   Hiponimi
Kutipan:
‘Ora mung wong Jawane, dalah Landa-landane sing manggon neng Kampung Landa, padha melu repot ngatur patroli, piket lan liburan. Kanca-kanca para serdhadhu tangsi liya kayata Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, Tangsi Wonokromo, kabeh diulemi.’ (halaman 58)

Miturut kutipan kuwi nggambarake yen kabeh prajurit Jawa lan Landa, kabeh melu repot ngatur patroli, piket, lan prei. Kanca-kanca ing asrama sing diundang kayata sing ana ing asrama Dinaya, asrama Gatotan, asrama Wonokromo.
Kutipan kuwi duweni penanda hiponimi.Wujud pananda ing dhuwur sing dadi hipernim yaiku tangsi liya lan sing dadi  hiponime yaiku Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, Tangsi Wonokromo.
    
5)    Kolokasi
Kutipan:
‘Yen manten metu, dilungguhake ing kursi manten. Kursine direngga kembangkembang kertas maneka maneka warna. Sandhangane manten ganti-ganti.’(halaman 59)
Miturut kutipan ing dhuwur nggambarake nalika manten metu dilungguhake ing kursi manten. Kursine dihias kembang-kembang kertas manekawarna. Pakaian mantene gonta-ganti.
Ing kutipan kuwi ana tembung manten, kursi manten,lan sandhangan manten sing berkolokasi lan melu dukung jangkeping wacana kuwi.

6)   Ekuivalensi
Kutipan:
“Niku wau putrane mrika,” ujare bapake Jemini nalika dicukur Wak Talib. Wiwit ngarepake pensiun iki Wak Talib nyambi dadi tukang cukur, mlebu tangsi nyukuri para prajurit gentenan. Wagiman kena giliran saben tanggal selawe.’ (halaman 13)
Miturut kutipan kuwi nggambarake yen bapake Jemini dipotong rambute dening Wak Talib. Wak Talib nyambi dadi tukang cukur wiwit dheweke pensiyun. Ora mung nyukur Wagiman, ananging uga para prajurit tangsi. Kutipan kuwi kalebu ekuivalensi. Wujud pananda dicukur, cukur, nyukuri kuwi asale saka tembung cukur sing entuk imbuhan di- ing tembung dicukur lan imbuhan ny- ing tembung nyukuri.

i.      Pesen/amanat ana ing sajroning novel Jemini yaiku:
1)        Pentinge pendidikan kanggo wong tuwa karo anak.
2)        Luwih apik menawa wong tuwa ora meksa anake nindakake kawin peksan.
3)        Sanajan elek tindak tandhuke anak, wong tuwa bakal ngapurani, gelem narima lan bimbing ana ing kabecikan.
4)        Apik lan eleke wong ora gumantung karo warna kulit.
5)        Ngelingake supaya jaga jeneng apike wong tuwa.
6)        Ngelingake supaya dadi anak sing ngabekti karo wong tuwane.
7)        Rodaning urip tansah muter, kadhang kala ana ing dhuwur, kadhang kala ana ing ngisor.
8)        Sawise kasusahan bakal nemoni kasenengan kanthi sabar lan tawakal.
9)        Tresna sejati iku bakal teka ing wayah sing apik lan wis pesthi.
10)    Ngelingake supaya ora ngumbar hawa nepsune.

5.        Format Buku
Samak buku sing dianggo yaiku serdadu Landa karo wong wadon Jawa. Gambar kuwi nggambarake menawa derajate wong wadon Jawa ana ing sangisore wong lanang, mligine wong Landa. Gambare wis trep karo irah-irahan lan wosing cerita.

6.        Kaluwihan lan Kekurangan
·      Kaluwihan
Ing babagan teknik penggarapane pengarang nggambarake yen penggarapane ora serampangan utawa saderma dadi ‘roman panglipur wuyung’. Iku bisa kawaca saka andharane pengarang babagan pendhidhikan. Diandharake tokoh Wagiman minangka wong bumiputra ananging bisa dadi serdadu kumpeni. Liyane cerita babagan uripe wong-wong ana ing tangsi. Ugi jeneng-jeneng lan papan-papan tangsi ing Indonesia.
Babagan basa, basa nggunakake basa Jawa Wetanan. Nanging menawa bisa teliti anggone maca gampang dimangerteni. Akeh uga bahasa Belanda sing dilebokake ana ing sajroning cerita. Basane cekak-cekak, dadi menawa sing maca isih awam ora kangelan anggone golek tegese. Kabukti saka Jemini sing mung dituturi banjur bisa nirokake kanthi lancar.

·      Kekurangan
Basa Jawa Wetanan ana ing Surabaya  sing dianggo duweni tembung-tembung sing adoh tegese karo basa Jawa Jogja-Solo.  Umpamane tembung “kawin” sing duweni teges nikah. Ana  ing basa Jawa Jogja-Solo, tembung kawin duweni teges nindakake hubungan antarane wong lanang lan wadon. Dadi luwih apik menawa tembung kawin diganti karo tembung nikah.
Babagan basa Belanda sing digunakake luwih apik menawa diwenehi kutipan tegese. Saengga gawe gamblange sing maos. Sanajan menawa ora diwenehi tegese pamaos bisa ngrakit-ngrakit dhewe maksud saka tembung iku.

7.        Manfaat
Manfaat sing bisa dijupuk saka novel Jemini yaiku:
1)   Novel iki cocok kanggo kalangane kawula mudha sing arep omah-omah supaya ora mung bisa milih wong sing ditresnani utawa amarga bandhane, ananging uga golek sing duwe watek apik.
2)   Novel ini uga cocok kanggo sapa wae sing pingin mangerteni kahanan urip ing tangsi nalika jaman Walanda ing Indonesia lan mligine ing babagan omah-omah sing apik.
3)   Novel iki ngandarake tata cara nikah kanthi cara Kristen ing gereja.
4)   Kanggo pasinaonan sing nggambarake menawa kawin peksan iku ora mesthi apik.
5)   Menawa dadi anak kudu manut karo wong tuwane amarga tindak tandhuke anak dadi tanggunganipun wong tuwane.
6)   Anggone nglakoni urip kudu tansah sabar, ikhtiyar lan tawakal.

8.        Saran
1)   Pengarang
Apike pengarang nyantumake data diri sing lengkap supaya pamaos bisa gampang mangerteni kahanane urip pengarange.
2)   Apike tembung-tembung sing duweneni teges beda karo basa Jawa Solo-Jogja ora dicantumake supaya ora gawe bingunge pamaos.
3)   Apike tembung-tembung sing gunakake tembung manca diwenehi teges dadi gawe gamblangipun pamaos.