Gambar

Gambar

Gambar

Kamis, 08 Januari 2015

Parikan



Parikan menika tembungan ingkang wujud umumipun rong gatra wolung wanda, kapedhot dados 4-4. Wanda pungkasan pedhotaning gatra ingkang kapisan kecape sami kaliyan wanda pungkasan gatra ingkang kapindho. Gatra setunggal minangka purwaka, dene kersanipun wonten ing gatra kalih.
Tuladha:
manuk emprit nucuk pari
Dadi murid sing taberi

enting-enting gula pasir
kacang cina goreng sangan
ngolang-ngaling tansah mikir
golek sandang lawan pangan

sumber : elayunierni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar