J
|
arene witing tresna
kuwi jalaran saka kulina, nanging ora kanggo Arini. Dheweke ketemu karo Riyan
ora jalaran saka kulina, nanging kanthi dumadakan lan ora kanyana-nyana nyen
kedadeyane bakal kaya mangkono. Arini lan Riyan uga bingung yen ditakoni marang
kanca-kancane, kapan lan piye ceritane kok bocah loro kuwi bisa dadi. Apa meneh
yen ding nakoni ibune Arini. Wangsulane mesthi mung cekak banget lan gawe wong
sangsaya bingung, yaiku “ceritane cukup singkat”.
Nalika
kuwi dina Kemis malem jumat kliwon. Hawane pancen ya rada ora kepenak ngono
kuwi, amarga biasane padha dianggep malem kang medeni. Nanging bakda isya,
Arini malah nggarap tugas ing kampus amarga diSMS kanca-kancane. Arini ora
sadar yen dina kuwi malem jumat kliwon yen ora diSMS ibune amarga ditakoni
kahanane ing Semarang. Amarga wis kadung metu lan ana janji nggarap tugas
bareng kanca-kancane, ya arep piye maneh, Arini tetep nerusake garapan karo
kelompoke mau.
Nalika
kuwi Arini uga duweni janji marang bocah liya. Bocah kuwi kakak tingkate
sajurusan. Jenenge Riyan. Jam wolu Arini mlaku menyang mburi kantor jurusan,
amarga janjiane ing kono. Arini mlaku dhewekan, ndilalah dumadakan listrik mati
sefakultas. Arini kaget lan wedi, amarga posisine ora ana kancane lan durung
ketemu karo Riyan. Banjur dheweke balik menyang kanca-kancane maneh. Selang 15
menit Riyan SMS Arini maneh, nakoni posisine Arini. Arini banjur mangsuli yen
dheweke isih nggarap tugas karo kanca-kancane. Amarga kahanan listrik mati,
tugase mau wis dibubari, sanadyan isih ana sing kurang sithik. Kanca-kancane
padha ora wani bali menyang kos yen kewengen. Dumadakan Riyan SMS maneh yen
dheweke ana ing samping gedung. Arini banjur marani posisine Riyan. Sawise
ketemu, Riyan ngejak Arini mlebu jurusan lewat kantor. Nanging Arini ora gelem
amarga ana akeh dosen ing kono. Arini lan Riyan mung ngadeg ing mburi lawang
kantor jurusan.
Lawang
kuwi pancen dadi dalan mlebu metune dosen wayah kuwi. Ndilalah ana dosen kang
isih enom lewat karo ngendika yen rupane Arini lan Riyan kuwi mirip lan uga
paringi donga muga wae jodho. Dosen kuwi asmane Pak Rudy. Pangandikane dosen
mau dipikir karo Riyan nganti ora bisa turu. Riyan banjur cerita karo adhik
kose kang jenenge Dwi.
“Dwi,
kayane aku wis kepencut karo wadon liyan.”
“Sapa
maneh kuwi mas?”
“Wong
Rembang ig.”
“Lha
sing Cilacap kae piye kabare mas?”
“Aku
luwih kepencut karo sing iki, sanadyan aku durung pati suwe kenal.”
“Lha
kok bisa kuwi piye mas?”
“Ya
bisa wae lah. Kaya mangkene ceritane, pertama weruh saka kadohan ana wong wadon
mlaku nggawa senter ing petengan, kaya widadari kang lagi nggawa ceplik.
hehehehe
“Walah
mas..mas...Ana-ana wae sampeyan iki. Eh,,, iya, iki kan dina Kemis malem Jumat
Kliwon. Aja-aja kuwi wadon daden mas? hehehehehe
“Hush..!!
Yo ora to ya. Yen kuwi daden mesthine aku wis rumangsa ana sing ora penak lan
mung aku tok kang bisa weruh. Nanging nyatane kabeh wong bisa weruh lan aku uga
ora ngrasakake apa-apa kang ora lumrahe.”
“Lha
mau sampeyan kuwi kan yo wis ora lumrah to mas. Lagi ketemu kok wis tresna.”
“Lha
piye maneh, wong wadon siji iki pancen duweni rasa kang beda lan gawe
penasaran.”
“Wah...yen
kahanane kaya mangkana yo wis mas. Ndang diuber wae mas. Selak didhisiki wong
liya malah mengko sampeyan sing bingung.”
Sawise
cerita karo Dwi, Riyan banjur balik ing kamare maneh lan mikir omongane Dwi
mau. Banjur dheweke SMS Arini ngejak metu dina Sabtu sore. Dumadakan Riyan wis
nyiapake mental kanggo ngomong Arini yen dheweke seneng marang Arini.
Dina
Sabtu sore, Riyan SMS Arini maneh kanggo masthekake yen Arini sido gelem dijak
metu. Riyan lan Arini mlaku-mlaku menyang taman kampus. Nalika iku, Riyan
nganggo klambi kang rapi lan formal banget amarga bubar saka kampus. Beda
banget karo Arini kang mung nganggo kathok jeans lan kaosan banjur dijaketi
wae. Arini sempet kaget weruh Riyan nganggo rapi kaya kuwi, nanging Arini uga
seneng weruh bocah lanang nganggo klambi rapi. Saliyane kuwi, Riyan uga nggawa
kamera. Alesane kepengin golek objek kanggo latian dadi fotografer. Nanging turut dalan Arini
malah difotoni. Sasuwene mlaku bareng, Riyan lan Arini padha ndongeng gentian.
Amarga Riyan lan Arini kuwi sajurusan, dadi yen ngomong mesthi nyambunge. Apa
wae kang dibahas mesthi mudheng.
Nyedhaki
magrib, Riyan ngomonge rada serius lan tenanan marang Arini. Ora ana
guyon-guyone maneh. Ing tengah taman kampus kang endah lan akeh kembange, Riyan
ngomong yen dheweke seneng lan tresna marang Arini. Pancen bener, Riyan kuwi
lagi wae weruh Arini lan uga bener yen bocah loro kuwi lagi ketemu telung dina
kepungkur, nanging Riyan wis seneng lan tresna marang Arini.
“Rin,
aku oleh ngomong ora?”
“Lha
kawit mau kan ya wis ngomong terus to mas?”
“Iki
aku tenanan, Dhik. Aku arep ngomong penting”
“Iya
mas, Arep ngomong apa ta?”
“Aku...aku...aku...”
“Sampeyan
kenapa mas?”
“Aku
seneng lan tresna marang sampeyan, Dhik. Gelem ora sampeyan dadi pacarku?”
Arini
meneng wae amarga dheweke bingung arep mangsuli apa. Sejatine, dheweke uga
seneng marang Riyan. Amarga dheweke lan Riyan wis lumayan suwe olehe kenal,
nadyan lagi telung dina kepungkur ketemune. Nanging Arini isih rada ragu marang
atine. Arini banjur minggir saka Riyan lan golek-golek gaweyan liya ben Riyan
ora nguber wangsulane Arini. Nanging Riyan sangsaya nguber wangsulane Arini.
“Piye
dhik? Gelem apa ora?
“Emmmmm...”
“Yen
ora gelem ora apa-apa kok, Dhik.”
“Iya, Mas. Aku gelem.
Nanging kanthi syarat, sampeyan ora kena mblenjani janjine dhewe.
“Iya, Dhik. Aku ora
ngarah mblenjani janjiku dhewe. Matur nuwun ya wis gelem dadi pacarku. Nanging
sampeyan ora mung tak anggep dadi pacarku, sampeyan iki tak anggep calon
bojoku”
“lha kok bisa kaya
mangkana mas?”
“Aku wis ora kepengin
golek pacar maneh. Aku wis kepengin tenanan lan aku kepengein sampeyan dadi
kang terakhir ing uripku.”
Bar
magrib Riyan banjur ngejak Arini mlaku-mlaku menyang simpang lima lan ing
daerah sekitar banjir kanal. Ing kono Riyan lan Arini ndongeng akeh perkara
kuliah, kulawarga, gaweyan lan sapanunggalane. Riyan lan Arini ora kaya bocah
lagi kenal lan lagi pacaran. Bocah loro kuwi kaya wis kenal suwe lan malah kaya
kakang adhi. Ora krasa wis jam 9. Arini banjur diterke Riyan bali menyang kos.
Sesuke
kahanan ing kampus beda banget ora kaya biyasane. Kanca-kanca padha takon kahananku
karo Riyan lan padha takon ana apa antarane aku karo Riyan. Dumadakan ana kang
ora seneng nalika aku cedhak karo Riyan amarga padha seneng karo Riyan. Nanging
Riyan biyasa wae lan ora nanggepi anane kahanan kaya mangkana. Ing ngendi wae
mesthi yen ana Riyan ya ana Arini, semono uga yen ana Arini mesthi ya ana
Riyan. Amarga Riyan pancen ora tau ngeculake Arini metu dhewe kecuali yen Arini
balik Rembang. Kuwi wae karepe ya arep diterke, nanging Arini ora gelem.
Pangandikane Pak Rudy pancen menehi dalan kanggo Riyan
lan Arini. Amarga pangandikane Pak Rudy, Riyan dadi wani ngomong jujur yen
dheweke seneng karo Arini, sanadyan olehe ngomong kuwi cepet banget. Nanging
kahanan kaya mangkana kuwi ora masalah kanggo Riyan. Sing penting niate tulus
lan ora gawe lara ati Arini.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar