Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 10 Januari 2015

Karangan Argumentasi dan Persuasi

Karangan argumentasi mujudake tulisan kang duweni tujuan njembarake wawasan kanthi nyuguhake bukti kang wus kaola dening  “proses” nalar. Argumentasi beda karo eksposisi. Bedane menawa eksposisi mligi njlentrehake utawa nerangake sawijining pokok masalah, dene argumentasi kepengin mbuktekake bener lan lupute pokok masalah kasebut. Nulis wacana argumentasi kudu ngerti paugeran-paugerane. Sadurunge miwiti nulis kudu ngerti topik-topik kang arep diwedharake. Banjur dikembangake polane, wiwit saka njlentrehake fakta banjur nguji fakta kanthi bukti-bukti. Tulisan banjur katutup kanthi ngajak supaya kang maca utawa kang ngrungokake percaya marang apa kang wis dipratelakake. Karangan persuasi mujudake jinising wacana kang ditulis kanthi tujuwan ngajak-ajak supaya padha gelem melu apa kang dikarepake. Karangan persuasi sipate propagandha. Karangan propagandha bisa dikembangake kanthi pola kang kawiwitan saka mamerake bab-bab kang bisa gawe ngungune kang maca utawa kang ngrungokake. Banjur para pamaca disuguhi cara uga pilihan supaya padha manut karo karepe kang nulis. Supaya luwih cetha antarane argumentasi lan persuasi, gatekna tabel ing ngisor iki!
No
Argumentasi
Persuasi

1
Mbudidaya mbeberake bukti yen panemune kang nulis utawa ngomong iku bener.
Mbudidaya supaya sarujuk



2
Proses tumuju marang kesimpulan.
Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis utawa kang ngomong.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar