Gambar

Gambar

Gambar

Kamis, 01 Januari 2015

Pacelathon kanthi Unggah Ungguh Basa ingkang leres




1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah paring kurmat dhateng tiyang sanes.
2.  Bab-Bab Ingkang Gegayutan Kaliyan Unggah-Ungguh Basa
Tiyang ingkang saged tansah paring kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
1. Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
2.  Peprenahan
Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kaingkang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.
3.  Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah paring kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
4. Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
5. Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
6.  Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.
7. Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.
3. Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:
Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara  basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake, ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:
   Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
   Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
   Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
4. Trap-Trapanipun Basa
  Trap-trapanipun basa ngoko:
a)       Ingkangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;
b)       Ingkangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;
c)       Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d)       Guru dhateng siswanipun.
e)       dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awake dhewe)
  Trap-trapanipun basa ngoko alus
a)       Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b)       Ingkangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil
c)       Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.
   Trap-trapanipun basa krama
a)       Tiyang gineman ing peken
b)       Tiyang sami pinanggih ing margi
 Trap-trapanipun basa krama alus
a)       Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;
b)       Siswa dhateng guru
c)       Pitepangan enggal;
d)       Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;
e)       Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.

Tuladha 1 pacelathon ingkang nganggo basa ngoko lan krama alus:
B. Bapak                       A. Anak
B  :  Lho, kowe Di. Wayah apa tekamu?   Rak ya padha slamet?
A  : Pangestunipun Bapak. Wilujeng . kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.
B  : Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Lha njur sida kepriye, anakmu si Gillang kae kokkon nerusake nyang ngendi?
A  : Menawi lare-lare sami sehat, ketingalipun inggih sami gumbira, dene bab Gillang, mila menika badhe nyuwun rembag. Kajengipun lare badhe sinau dhateng SMA N1 Pati. Kula radi kawratan.
B    : Wah, ya kudu enggal kokputus bab iku. Aja kook sesuwe dene yen kowe njaluk rembugkuu mangkene. Wong tuwa iku iya aja banget-banget enggone nyampuri pepingenane bocah. Yen wong tuwa wus nerangake kanthi gambling siji-sijine, lan iya pikolehe tumrap awake dhewe utawa masyarakat wus cukup. Bocahe milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya yen Gillang  milih sekolah kuwi, sakka rasaku yaw us pas. Aku ora kabotan, dene kowe ora lila iku, rak bab dhuwit sing kudu bokbayarake akeh banget, ta?
A    : Wah, nggih mboten ngaten kok, Pak. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun Bapak.
Tuladha 2 pacelathon ingkang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah
A   :  Mas Nugraha, aku mbokdiwarahi garapan matematika dhek wingi kae, yen ora, mengko akubisa didukani Pak guru. Dhasar wingi aku ora mlebu, ora pamit sisan!
B    :  Lha, ya gene ta, kok ora mlebu? Enya iki lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengkoo mundhak selak mlebu. Ning aja nganti kumel lo, ya! Aku arp ngresiki blabag lan nyaponi kelas.
Tuladha 3 pawongan ngunandika:

“E, aku tak turu sedhela. Awakku kesele kok ora kira-kira.”



sumber : http://cintajawaku.blogspot.com/2014/01/pacelathon-kanthi-unggah-ungguh-basa.html
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar