Gambar

Gambar

Gambar

Kamis, 08 Januari 2015

Pambagyaharja


A.  Tegesipun Pambagyaharja
            Tembung pambagyaharja kedadeyan saking kalih tembung inggih menika pambagya lan harja ingkang dipun dadosaken setunggal (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya gadhahi teges pambage , enggone mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat, ngurmati (2001:26). Dadi, tegesipun pambagyaharja ngaturi pakurmatan utawi bage-binage, mbagekake para among tamu ingkang rawuh wonten saswonten pawihan.
Wonten ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak wonten titi adicara sasampunipun  penganten kekalih nindakaken sungkeman. Ngendikanipun panatacara kirang langkung kados makaten.

Wus paripurna risang penganten marak sowan saha nindakaken sungkeman, saestu lampahing budaya edi endah angresepaken pandulu, tumapaking adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja kairing atur panuwun saha wedharing gati saking Bapak/Ibu ingingkang amengku karya. Ing sakingwit panjenenganipun Bapak/Ibu … badhe matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, wontennging awrat nampi sih kadarmin ingingkang arupi menapa kemawon saking para tamu, saengga namung kandheg ing jaja, lajeng lenggah, legeg ing wardaya boten saged matur menapa-menapa, pramila lajeng ngresaya dhumateng panjenenganipun Bapak … minangka badal wakilipun, ingingkang menika saswonten wara saha piantosi  pun sumangga katur. Nuwun!

Pambagyaharja ugi dipun agem wonten adicara supitan. Ing ngandap menika tuladha pambagyaharja wonten ing adicara penganten lan supitan.
B.  Sangunipun Juru Sesbotenh/Pamedharsabda
1.       Nguwasani bahan utawi perkara ingkang ajeng dipun wedharaken
Juru pamedhar sabda  kedah nguwasani bahan utawi perkara ingkang dipun wedharaken sarta wantun paring tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan menika kedah gadhahi dhasar utawi landhesan boten namung waton matur.  Mula  kedah gadhahi sangu ilmu ingkang mumpuni.
1.       Gadhahi Raos Wantun
Juru pamedhar sabda ugi gadhahi raos wantun micara ngadhepi tiyang kathah. Amargi saged ugi kalah prabawa kaliyan tiyang ingkang dipun adhepi. Punapa malih menawi ingkang dipun adhepi menika gadhahi prabawa lan kepinteran ingkang luwih.
1.       Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep kedah ingkang trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aboten ingah-ingih, punapa malih boten wantun. Nalika jumeneng kedah jejeg, boten ndhoyong, boten cekelan kepara lendhetan cagak. Perlu dipun mangertosi juru pamedhar sabda utawi juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan ugi dados pasugatan mungguhing para tamu, regeng/semuwa utawi botenipun swasana wiwahan gumantung ugi saking paraga kasebut.
Mula menika, kedah gadhahi utawi boten uwal saking tata krama utawi trapsila inggih menika solah bawa, tindak-tanduk ingkang prasaja utawi punapa wontenipun boten dipun damel-damel. Owah-owahaning pasuryan katon sumringah nyengsemake amargi swasana ngremenaken.
1.       Busana lan ngadi sarira
Tegesipun nalika nindakaken ayahan menika busana utawi ageman lan ngadi sarira kedah diselarasaken kaliyan kahanan.
1.       Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawi sarana lelantaran, sesambungan utawi lung-tinampa kaliyan para tamu utawi ingkang mirengaken, pramila saking menika basanipun boten basa ndakik-ndakik ingkang boten dipun mangertosi dening ingkang mirengaken, ananging basa ingkang gampang dipun mangertosi  tiyang kathah. Dene basa ingkang trep ugi basa ingkang bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp.
Basa kedah ingkang komunikatif, tegesipun kedah ngatosaken:
         Sinten ingkang ngajak guneman;
         Sinten ingkang dipun ajak guneman;
         Sinten ingkang dipun ngendikakaken;
         Swaswontenning nalikaning guneman;
         sami mangertosi ingkang dipun gunemaken.
Babagan ingkang perlu dipun gatosaken paring sesorah wonten ngajengipun tiyang kathah :
a)       Temtokake ancasing sesorah
b)       Nganalisis situasi lan para pamireng
c)       Milih lan nyiutaken topik.
d)       Ngempalaken bahan.
e)       Damel cengkokalihan
f)       Ngandharake cengkokalihan kanthi komplit.
g)       Gladhen mawi swara ingkang banter.

C. Tuladha Pambagyaharja
         Pambagyaharja Penganten
Assalamu ’alakum Wr. Wb.
Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingingkang kinurmatan.
Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingingkang dados raos-wiraoingkang mwontenh, amargi kaliyanban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwantunng atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang punmenika. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingingkang matikel-tikel. Amin.
Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingingkang sampun kaserat menggah wigatoingkang gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu …, ingingkang pidalem ing …, sampun  kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mrmenika saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki ingkang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening swontenk kadang ingingkang sowan, wontennging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingingkang dados wigatoingkang pahargyan ing ratri/siang menika. Sanggyaning tamu ingingkang pantes ingingkang pantes sinudarswonten, kawuningan bilih Bapak/Ibu … ing wekdal menika kagungan kersa/hajat mbojakramekaken putrinapun putri ingingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk wontenk mas Bagus … putra kakungipun Bapak/Ibu ….
Ingingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …
Ingingkang ijab lan kabulipuun sampun kalekswontenn ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.
Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten  kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin.
Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih swontenk kadang inggih wiwit nguntir tali sepiswontenn ngantos samangke sintenripurnaning gati, ingingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.
Para rawuh kakung sumawwonten putri ingingkang tansah kula kurmati!
Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingingkang namung sarwa praosja saengga boten laras kaliyan kalengganipun Bapak/Ibu/sdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih Bapak/Ibu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingingkang sarwa praosja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.
Waswonten cekap semanten ingingkang dados aturipun Bapak/Ibu …

Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtmenikang penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi sintenripurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb.  Nuwun!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar