Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 10 Januari 2015

Wara-wara

Wara-wara utawa pengumuman yaiku informasi ngenani sawijining bab kang perlu disumurupi dening wong akeh utawa umum. Pengumuman bisa dibiwarakake utawa dipasang ana papan-papan kang dadi jujugane wong akeh, umpamane ana ing papan pengumuman, koran, radhiyo, televisi lan sapiturute. Sawise nyinau iku siswa diajab bisa nduweni kabisan utawa kompetensi gawe pengumuman lan mbiwarakake utawa nggethok-tularake marang sapa wae kang magepokan karo isi pengumuman.
Tuladha:
Wara-wara
Magepokan karo kegiyatan semester ganep taun pelajaran 2009/2010 lan jumbuh karo isi kalender pendhidhikan, mula dibiwarakake marang para siswa menawa:
Libur semester taun pelajaran 2009/2010 kawiwitan 1 Juli nganti 7 Juli 2010.
Sajrone liburan para siswa kapasrahake marang wong tuwane dhewe-dhewe ing dalem.
Kanggo ngisi wektu liburan, para siswa dikeparengake nganakake kegiyatan positif sing ana sesambungane Kro sekolahan, nanging sadurunge kudu entuk pangestu saka wong tuwane dhewe-dhewe.
Cukup semene wara-wara saka sekolahan, muga-muga kabeh siswa SMA Jaya Wisata bisa maca wara-wara iki lan padha ngestokake.

Semarang, 25 Mei 2010
Kepala Sekolah
Ttd

Joko Sukoya, M. Pd

Tidak ada komentar:

Posting Komentar