Gambar

Gambar

Gambar

Rabu, 07 Januari 2015

Pembabagan Geguritan

A. GEGURITAN
Puisi Jawa  ingkang biyasa dipun wastani geguritan kaperang dados kalih inggih menika :
1.   Puisi Jawa Tradisional, ingkang umumipun arupi tembang.
Puisi menika ditembangake miturut lagu-lagu khusus, ngagem piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora saged dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional ingkang awujud tembang jawa kathah sanget jinisi lan kaperang dados telung perangan ageng :
a)  Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Ingkang kalebet wonten ing tembang macapat inggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Ingkang kalebet wonten ing tembang tengahan inggih menika : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang ageng (kawi)
Ingkang kalebet tembang ageng inggih menika Girisa

2.   Puisi Jawa Modern dipun wastani geguritan.
Gandheng geguritan menika kalebet puisi jawa ingkang taksih enggal  (antawisipun tahun 1926)  puisi menika dereng saged katampi bebrayan ananging masyarakat, rikala semanten. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Pramila saking menika geguritan menika nalika semanten boten dipun tumutaken wonten ing sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ananging kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya(September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 gadhahi  lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalanipun.
Para perintis geguritan menika sami berjuang amrih geguritan menika diakeni lan saged mlebet wonten ing pasinaonan kasusastran Jawa. Asilipun, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyobi ngempalaken geguritan ingkang sumebar wonten kalawarti lan ariwarti dados buku ingkang judhulipun  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah menika wonten ing sajroning revolusi ical. Semanten ugi kumpulan geguritanipun piyambak ingkang mawi irah-irahan Geguritan ugi ical.
Para perintis geguritan sanesipun, inggih menika : R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Sanesipun geguritan wonten puisi jawa sanesipun ingkang arupi parikan lan syair. Parikan  menika puisi jawa ingkang memper lan gadhahi ciri-ciri kados  pantun. Dene Syair (bahasa Indonesia) inggih gadhahi ciri-ciri sami kaliyan syair wonten ing sajroning kasusastraan Indonesia.
Pramila bukane ananing geguritan menika diagem nyindir / nyemoni kahanan gesang bebrayan wonten ing sajroning masyarakat. Sanesipun  menika ugi gadhahi unsur didik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan menika gadhahi teges puisi bebas. Bebas saking iketaning tembang lan bebas nyariosaken punapa kemawon.

B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur ingkang kinandhut wonten ing sajroning geguritan dipun wastani  unsur batin. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet  unsur batin  geguritan.
     Tema, tegesipun punjeraning bab ingkang dadosaken geguritan menika dumados. Utawi gagasan pokok ingkang dipun kersani panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sanesipun.
     Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung ingkang dipun agem wonten ing sajroning geguritan gadhahi teges lan gadhahi fungsi kagem ngambaraken raos-pangraos. Raos-pangraos menika gadhahi sipat rowa lan kompleks. Ingkang kalebet rasa-pangrasa kadosta : simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sanesipun.
    Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) ingkang dipun ginakaken wonten ing sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
     Suwasana
Tegesipun kahananipun batin/jiwa pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan gadhahi tujuan kanggo mbangun suaswontenbatin pamaos geguritan.
   Amanat kang dumunung wontengeguritan
Tegesipun bab ingkang pengin dipun wedharaken penyair/panulis marang pamaos. Amanat menika boten tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi wonten pangrakiting tembung-tembung.

C.  Struktur Lahir Geguritan
Ingkang sinebat struktur lahir geguritan menika kahanan bab punapa kemawon ingkang saged dipun pirsani utawa dipun padosi ananging tembung-tembung ingkang rinakit wonten sajroning geguritan. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet struktur lahir geguritan.
  Pinilihing tembung
Pinilihing tembung ugi dipun wastani diksi. Tembung-tembung ingkang wonten sajroning geguritan biyasanipun gadhahi teges konotatif, asipat polisemi, lan gadhahi teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang trep saged ngasilaken imajinasi ingkang manjila.
  Majas
Majas utawi gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) dipun wastani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa menika kangem nambahi grengsenge geguritan.
  Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
  Tipografi
Tipografi  menika larik-larik utawa gatraning geguritan ingkang tinulis mawa pada utawa bait. Bab menika kang bentenaken antawisipun geguritan lan gancaran.

DONYA WIS LUNGSE
                                    Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang saged dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta skathah daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dados liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca tandha-tandha  jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone
Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006

Ananging geguritan ing nginggil nyariosaken menawi kahanan donya menika sampun sepuh kados ananging/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan wonten padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (ngagem basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).

Kudune yen donyanipun sampun lungse / tuwa menika saya nggenah lan becik ingkang dipun tindakaken dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuanipun tiyang. Nanging nyatanipun, wonten malah kathah tiyang ingkang bingung ngluri tujuanipun gesang. Donya boten saya jenjem, nanging umyeg kados  pasar.

http://cintajawaku.blogspot.com/2014/01/geguritan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar