Gambar

Gambar

Gambar

Rabu, 07 Januari 2015

JENIS-JENIS PARAGRAF
Jenis-jenis paragraf miturut tujuanipun saged dipun bentenaken dados :
1. Paragraf argumentasi
2. Paragraf eksposisi
3. Paragraf deskripsi
4. Paragraf persuasi
5. Paragraf naratif

A. PARAGRAF ARGUMENTASI
Paragraf argumentasi inggih menika paragraf ingkang ngemot ide/gagasan kanthi alesan ingkang kuat kagem damel pamaos yakin.
Ciri-ciri paragraf argumentasi
sifatipun nonfiksi /ilmiah
tujuanipun damel tiyang sanes gadhahi pamanggih ingkang sami kaliyan panulis.
Dipun lengkapi bukti-bukti arupi data, tabel, gambar dll
Dipun tutup kanthi kesimpulan
MACAM/POLA PENGEMBANGAN PARAGRAF ARGUMENTASI
POLA PENGEMBANGAN SABAB – AKIBAT inggih menika paragraf ingkang wiwitanipun bertolak saking satunggaling prastawa ingkang dipun anggep minangka sabab ingkang dipun mangertosi lajeng pindah majeng dumugi ing satunggaling kesimpulan minangka efek akibat. Dipun tandai kanthi ukara – ukara sabab, amargi, dipun sababaken, lsp.
POLA PENGEMBANGAN AKIBAT- SABAB inggih menika paragraf ingkang wiwitanipun bertolak saking satunggaling prastawa ingkang dipun anggep minangka akibat ingkang dipun mangertosi. Lajeng pindah ing sabab-sabab ingkang sampun dadosaken akibat wau.
B. PARAGRAF DESKRIPSI
Paragraf deskripsi inggih menika paragraf ingkang gambaraken satunggaling bab kanthi tujuan supados pamaos saged mirsani, mirengaken, utawi ngraosaken piyambak ingkang dipun serat dening panulis.
CIRI-CIRI PARAGRAF DESKRIPSI
Gambaraken  objek tartemtu (tiyang, papan kaendahan alam dll)
Tujuanipun supados pamaos saged ngraosaken piyambak objek menika.
MACAM /POLA PENGEMBANGAN PARAGRAF DESKRIPSI
Deskripsi objektif inggih menika paragraf deskripsi ingkang wonten penggambaran objekipun boten dipun paringi opini panulis.
Deskripsi subjektif inggih menika paragraf deskripsi ingkang wonten penggambaran objekipun kanthi  dipun sertani opini panulis.
Deskripsi spasial inggih menika paragraf ingkang gambaraken objek kanthi jangkep khususipun ruangan, barang,utawi papan.
Deskripsi waktu inggih menika paragraf ingkang dipun kembangaken miturut wekdal prastawa cerita kasebut.
C. PARAGRAF EKSPOSITIF
Paragraf ekspositif inggih menika paragraf ingkang gadhahi tujuan kagem jelasaken lan nerangaken satunggaling prastawa kagem pamaos supados pamaos saged gambaraken babagan satunggaling prastawa ingkang dipun kersani dening pengarang
      CIRI-CIRI PARAGRAF EKSPOSITIF
- sifatipun nonfiksi/ilmiah
- tujuanipun ngandharaken
- miturut fakta
- boten gadhahi kekajengan ngowahi pamanggihipun
JENIS POLA PENGEMBANGAN  PARAGRAF EKSPOSITIF
 – pola umum-khusus (deduksi)
Inggih menika paragraf ingkang dipun wiwiti saking prastawa-prastawa ingkang sifatipun umum lajeng ngandharaken kanthi ukara –ukara pendukung ingkang khusus.
- pola khusus-umum (induksi)
Inggih menika paragraf ingkang dipun wiwiti saking prastawa-prastawa ingkang sifatipun khusus lajeng ngandharakeni kanthi ukara-ukara ingkang sifatipun umum
- pola perbandingan
Inggih menika paragraf ingkang bandingaken kanthi prastawa ingkang sanes, miturut unsur sami lan benten, kerugian kanthi keuntungan, kaluwihan kanthi kekurangan. Ukara hubung (menawi dipun bandingaken kanthi, kadosta, makaten ugi, sami kaliyan, selaras kaliyan, miturut).
- pola pertentangan/kontras
Inggih menika paragraf ingkang pertentangaken kanthi gagasan sanes. Ukara hubung (sanajan makaten, benten, sanes kaliyan, ananging, sanesipun)
- pola analogi
Inggih menika paragraf ingkang nedahaken ingkang sami antawisipun kalih prastawa ingkang benten kelasipun ananging tetep gatosaken ingkang sami saking segi /fungsi saking kekalihipuna prastawa wau minangka ilustrasi
- pola pengembangan proses
Inggih menika pola pengembangan paragraf ingkang ide pokok paragrafipun dipun susun miturut urutan proses dumadinipun satunggaling prastawa.
- pola pengembangan klasifikasi
Inggih menika pola pengembangan paragraf kanthi cara ngelompokaken barang-barang ingkang dipun anggep gadhahi prastawa ingkang sami.
- pola pengembangan tuladha/ilustrasi
Inggih menika paragraf ingkang gadhahi fungsi kagem jelasaken satunggaling uraian, khususipun uraian ingkang sifatipun abstrak. Ukara penghubung (tuladhaipun, umpaminipun).
- pola pengembangan difinisi
Inggih menika paragraf ingkang arupi teges utawi istilah ingkang wonten ing ukara topik ingkang betahaken penjelasan kathah supados tegesipun jangkep dipun mangertosi dening pamaos.
- pola sabab akibat
Inggih menika pola pengembangan ingkang sabab saged tumindak minangka gagasan utama, dene akibat minangka perincian pengembanganipun. Utawi , akibat minangka gagasan utama, dene kagem mangertosi kanthi jangkep akibat wau kedah dipun kemukaken sajumlah sabab minangka rincianipun.
D. PARAGRAF PERSUASIF
PENGERTIAN PARAGRAF PERSUASIF
Paragraf persuasif inggih menika paragraf ingkang gadhahi tujuan damel tiyang sanes gadhah pamanggih sami utawi nindakaken kersaning panulis.
CIRI-CIRI PARAGRAF PERSUASIF
- wonten fakta/bukti kagem bujuk pamaos.
- gadhahi tujuan bujuk pamaos.
- migunakaken basa kanti sae kagem maringi sugesti (kesan) kagem pamaos.
 E. PARAGRAF NARATIF
Paragraf naratif inggih menika satunggaling bentuk paragraf ingkang nyariosaken         serangkaian prastawa ingkang dipun susun miturut urutan wekdal kadadosanipun.
Ciri-ciri paragraf naratif
- wonten  tokoh, papan, wekdal lan suwasana ingkang dipun cariyosaken.
- mentingaken urutan wekdal utawi urutan prastawa
- Boten namung karya fiksi ( cerpen,novel,roman) ananging ugi tulisan nonfiksi (biografi, cariyos nyata wonten ing surat kabar,sejarah,riwayat lelampahan).
Macam / pola pengembangan paragraf naratif
Narasi ekspositoris/nonfiksi/informatif inggih menika cerita ingkang dumadi (cariyos kepahlawanan, sejarah, biografi/otobiografi, cariyos nyata wonten ing surat kabar).
Narasi sugestif/fiksi/artistik inggih menika cerita ingkang nonjolaken khayalan saengga pamaos terkesan dan tertarik lan ngraosaken cariyos kasebut ( cerpen, novel dll)
http://jelajahduniabahasa.wordpress.com/2011/04/14/jenis-jenis-paragraf/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar