Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 29 November 2014

PERI AYU PRIYAMARA (Alaming Lelembut)



PERI AYU PRIYAMARA
(Alaming Lelembut)
dening : St. Sri Emyani
Karo sing jenenge masang wuwu mbah Mul Gudel pancen wis sajiwa, wis dadi klangenane wiwit saka bocah. Embuh naluri apa kepriye, karo sing jenenge iwak kaya kancane wae. Akeh ing Terongdawa sing masang wuwu. Ananging sing ajeg isi lele, bader, tombro, nganti tekan urang pa yuyu ya mung wuwune mbah Mul Gudel, liyane ora mingsra.
Ana sruwang-sruwing, bisik-bisik rerasan tangga ujare mbah Mul digendhak alias dipacari karo sing mbaureksa Kedhung Dhindhing. Rerasan iku sajak wis remasuk ing atine para sedulur-sedulur Terongdawa. Jan-jane aku dhewe kurang patiya percaya, ananging yen meruhi mbah Mul saben esuk mulih nggawa iwak saka Kedhung Dhindhing luwih saka rong kepis iku kok ya aku kepeksa rada percaya.
Ing sawijining wektu aku sengaja sanja menyang ing ndaleme mbah Mul sing pancen isih mambu famili.
“Nak mas yani ta ki mau. Kok sajak njanur gunung hehehehe ana parigawe ta!”
“Mboten Mbah mung hehehe dangu mboten ngriki rasane kangen kepingin guyon-guyon nggedupuk kalih mbah Mul he he he he.”
“Hiya aku dhewe ya rada kangen yen slirane ra sok sanja mrene.” Ujare karo menjer ‘udut’thingwe. Aku ditawani mung gedheg-gedheg. Ra betah ambune klembak menyane sing sok nggawe mulese weteng. Aku uga ngetokake rokok’Penthung’ olehku ngebon nggone yu Croton.
“Lho ujare dik Yani ki sekolah ing Malang?”
“Inggih mbah kuliah teng Malang.”
“Wis rampung?”
“Sampun mbah.”
“Lha njur mergawe?”
“Nganggur riyin teng nggriya.”
Mbah Mul Gudel sing sajak nduweni pangrasa iku mung manthuk-manthuk. Sajak wis bisa nggerba gembolane batinku. Aku dhewe ya banjur katut nggembuleng ngulati beluk rokokku dhewe sing bunder kluweng-kluweng.
“Anu mbah?’
“Ana apa Le. Ki mau perlu pa piye?”
“Mboten namung badhe nggenahaken....”
“Nggenahake apa ta?”
Olehku arep ngomong kandheg. Awit, mbah Mul Putri nyugatakake kopi. Kathik ana pacitane anak urang. Yen dhaerah nggonku katelah umum. Senenganku, mula senajan durung dimanggakake wis ndak incipi dhisik.
“Entekna Le, iki mau olehku masang wuwu esuk mau. Mengko yen bali nggawaa, olehe rada akeh kok iki mau.
“Inggih, suwun mbah. Kula wau badhe tang....”
“Ora usah rikuh-rikuh arep takon apa ta?”
“Niku lho kabar kabur tangga-tangga.”
“Wo, masalah aku karo sing mbaureksa Kedhung Dhndhing.”
“Hinggih.”
“Hiya pancen Le.”
“Hah!”
“Critane mangkene. Wektu iku malem Jumat Legi. Mujudake dina sing dikeramatake dening masarakat sekitare Kedhung Dhindhing. Mbah Mul uga banget percaya marang dina keramat kasebut.Awit,mbah Mul uga necep ilmu ‘Supranatural’ utawa bangsane badan alus.
Jam nudhohake pandhom jam sanga hawa sing adhem babar blas ora dirasa dening mbah Mul. Sing ana mung siji, yaiku iwak-iwak ing Kedhung Dhindhing. Wuwu sepuluh dipikul ing pundhake. Suwara Bence ngganter ing sandhuwure sirahe, iku ya ra nggawe mrinding mbah Mul. Apa maneh suwara Kokokbeluk saka wit Salam ing perenge Kedhung Dhindhing mung dianggep tembang wengi sing ora medeni ananging malah endah ing karna.
Jangkahe mantep kaya mantepe karepe. Banjur ora ngeman sikil tuwa kuwi njeguri pinggiring kedhung sing angker. Wuwu-wuwu dipasang ing sapinggire Kedhung Dhindhing. Ananging bareng wis mari anggone masang Wuwu, -- ‘mak jleg’ ana tungkak sing natap dhadha antep kaya kambil sajanjang ngebruki. Untung mbah Mul wis tuwuk mbeguru, ngluru ilmu iku kaya-kaya wis kulina yen sing jenenge lara. Mripat tajem banjur manther natap regemeng-regemeng blegering wanita sing arep ngancap maneh iku.
“He ngapa wong ayu. Wengi-wengi nggreridhu anggonku makarya!” Antep takone mbah Mul ngemu perbawa awit, dilambari ngilmu gorah ngagor-agor.
“He menungsa! Mangertiya aku sing tunggu wewengkon kene. Jenengku Peri Priyamara he he hi hi hi hi hi.”
“Kowe arep ngapa!”
“Arep njuwing-njuwing ragamu. Njur ndak gawe isine ing kedhung kene.”
“Salahku...”
“Aja mbodhoni. Awakmu wis wani njupuki isine kedhung sak kepenake.”
“He Peri Priyamara! Saiki ngene wae, yen sliramu nantang tandhing ndak ladeni. Ananging sliramu aja nganti nggendhak sikara marang menungsa liya lan ana prajanjen. Yen ta aku sing kalah lila ragaku mbok gawe tumbal lan sukmaku dadi gedibalmu. Aku trima. Ananging yen sliramu sing kalah kepriye janjimu.”
“Yen aku sing kalah, kowe arep ndak wenehi upeti. Yaiku iwak rong kepis saben minggu.”
“Bagus...., bagus....”
Lelorone njur tandhing kaya pitik don ing kalangan. Sengaja mbah Mul durung ngetokake jurus-jurus sing bisa nglemesake, mbah Mul dhewe ngakoni kadigdayane Peri ayu kasebut. Mula jurus-jurus age diwetokake. Ananging mung kaya nampani angin. Ora kodal babar blas.
Malah ing salah sawijining kalodhangan dhadhane mbah Mul kena dugang sarosane, nganti tekan ing Gisik Kedhung Dhindhing kontal.
“Hihihihihihi hi hi hi hi, kepriye menungsa! Isih wani ta nerusake adegan iki.”
Bebarengan karo sesumbare Peri iku ana angin sing pancen sok nggawe dolanan rambut rembyak-rembyak’ayu’. Meruhi iku birahine mbah Mul kok ya tuwuh. Eling birahi njur kelingan wejangane mbah Dhukun begurone. Le yen kowe tandhing karo Wewe, yen sliramu nganti kasoran gunakna ilmumu sing pungkasan yaiku, ‘asmara pamulut’
Mbah Mul njur ngrapal semar mesem, semar mendem, pungkasaning semar gandrung. Embuh kepriye kok mara-mara Peri Ayu iku mesam-mesem, ngulati mbah Mul kanthi asih banget. Kenya sing wis kejiman iku njur kaya kelangan kasantosane. Malah njur mara nyedhak karo ngglendhot ing dhadhane mbah Mul. Netrane sing asih iku tambah ayu kena sorote sang wulan. Apa maneh bareng mbah Mul njur ngusap rekmane njur lathine kanthi alus ‘ngecup’ pipi. Angin wengi dadi saksi. Jangkrik-jangkrik padha meneng awit kegubel suwasana--, saya adoh saya adoh lelayaran ing pinggiring kedhung Dhindhing iku nganti pungkasane.
“He menungsa aku sing kalah. Aku trima saben minggu menehi kebutuhanmu iwak marang sliramu.”
Esuke meh wong sadhukuh melu mangan iwak kabeh. Awit wuwu sepuluh duweke mbah Mul isi kebak anak urang sing mujudake iwak kesenengane masarakat dhukuh kono. Crita iki pancen ana. Dene percaya lan ora nyumanggakake. ***N u w u n.
Panggul – Trenggalek

Cerita Cekak (cerkak)



Cerita Cekak (cerkak)


Cerita cekak yaiku wacan sing kalebu cerita narasi lan isine nyritakake prastawa sing dialami paraga kanthi urutan wektu. Titikane crita cekak yaiku ana kedadeyan, ana paraga, ana isi crita, lan ana wektu kadadeyan.



Unsur-unsur intrinsik cerkak yaiku:
1.                 Tema.
Tema yaiku sari pati crita sing di andharake utawa di critakake.
2.                 Paraga.
Paraga yaiku wong sing maragani crita. Paraga kaperang dadi 3.
Paraga Utama sing uga dijenengi PROTAGONIS.
Paraga sing berlawanan karo tokoh utama   dijenengi ANTAGONIS.
Paraga tambahan sing uga dijenengi TRITAGONIS.
3.                 Watak.
Watak yaiku karakter utawa sikep sing diduweni saben paraga sajeroning crita.
4.                 Alur.
Alur yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi 3.
Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
Alur campuran
5.                 Latar.
Latar yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita iku.
6.                 Sudut Pandang.
Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta sajroning crita.
7.                 Gaya Bahasa (lelewaning basa).
Gaya bahasa yaiku basa sing digunakake pangripta ing sajeroning crita, supaya crita iku katon endah.
8.                 Amanat.
Amanat yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos. Utawi pesen sing sinandhi sajeroning crita.

Cerita Cekak (Cerkak) lan Unsur instrinsik



Cerita Cekak (Cerkak) dan Unsur instrinsik

Swarga Impen


   Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. 

Jakarta, Januari 2003
  Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing" 
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana


Unsur Intrinsik

Tema :     Swarga Dunya
Latar  :   
Ø  Latar Panggonan, Omah lan Dalan Kutha Jakarta

Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki...
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing dalan kutha Jakarta.
Ø  Latar wektu, Sore
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
Ø  Latar Suasana, Trenyuhake, Tegang
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.

Paraga lan watak :
    Mas Gondho : Males, Gampang meri, Bisa dibuktikake saka penggalan                  Cerkak    kasebut

Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki...

   

  Tanto            : Polos, gampang pracaya

 Bisa dibuktikake saka penggalan  Cerkak  kasebut

“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
 

Alur                   :      Maju, nyeritakake kedadeyan pengalamane Mas   Gondo nang                                         kadepane.                       

Sudut Pandhang   : Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat.

Bisa dibuktikake saka penggalan  Cerkak  kasebut,
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.

Amanat              : Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha

Bisa dibuktikake saka penggalan  Cerkak  kasebut,
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!

    Basa                 : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu