Gambar

Gambar

Gambar

Kamis, 27 November 2014

Dina Pendidikan Nasional



"Dina Pendidikan Nasional"

            Dina Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati dirining bangsa yaiku dina pendidikan biso nggambarke utawa ruh saka bangsa awake dewe, bangsa sing gedhe yaiku bangsa kang peduli marang pendidikan, lan pendidikan yaiku modal awal saka perkembangan bangsa. Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung dening tokoh Ki Hajar Dewantara, awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan Nasional ing pandangan Ki Hajar Dewantara. “TANAH air kita meminta korban. Dari di sinilah kita, siap sedia memberi korban yang sesuci-sucinya… sungguh, korban dengan ragamu sendiri adalah korban yang paling ringan… memang awan tebal dan hitam menggantung di atas kita. Akan tetapi percayalah di baliknya masih ada matahari yang bersembunyi… kapan hujan turun dan udara menjadi bersih karenanya?” (Ki Hadjar Dewantara). Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng asli R.M. Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar karo EFE Douwes Dekker, ngelola De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker — dijuluki ”Tiga Serangkai” — Deweke ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman Jepang, peran Ki Hadjar tetep menonjol. Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”, mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan. Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya iso dadi panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya. Ing Ngarso Sun Tulodo artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun sekang kata Ingsun sing artine saya, Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin sing sikap lan prilakune ora kena dadi panutan nggo anak buaeh. Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun berarti membangkitan atau menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah kesibukane kudu mampu mbangkitna semangat kerja bawahane. Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artinya ngikuti sekang mburi lan handayani artine ngewei dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewei dorongan moral sekang mburi ben bawahane nduweni semangat kerja. Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora iso dipisahke saka sosok Ki Hadjar Dewantara, tokoh kang jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Mugo-mugo awak dewe generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke ajaran sing uwis di babarke dening Ki Hajar Dewantara. (Amin) Dikarang nang Dias Oktri Raka Setiadi Lan diedit saitik nang Faiz Agil Wirawan. artikel basa jawa tentang pendidikan, contoh artikel bahasa jawa pendidikan nasional, artikel bahasa basa jawa babagan pendidikan, contoh artikel bhs jawa tentang pendidikan

Disalin dari :
http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-pendidikan.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar