Cerita Cekak (Cerkak) dan Unsur instrinsik
Swarga Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae
rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung
nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi
ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen
mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo
maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?”
grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane
presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku
sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi.
Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga
anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang
gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe
dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku,
embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal
tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model
lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku
nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya
neng swarga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora
suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap
ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka
Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu
kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak
mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak,
butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo
mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben
dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo
nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu
kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane
nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing
nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil
sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh
piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe
daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu,
tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto
nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng
ndhedhet, ora ana swara.
Jakarta, Januari 2003
Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing"
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana
Unsur Intrinsik
Tema : Swarga Dunya
Latar :
Ø Latar Panggonan, Omah
lan Dalan Kutha Jakarta
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah
apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing
njero omahku iki...
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora
suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap
ing dalan kutha Jakarta.
Ø Latar wektu, Sore
Pas wayah
sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar
omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang
sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing
njero omahku iki.
Ø Latar Suasana,
Trenyuhake, Tegang
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane
nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing
nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil
sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh
piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe
daya kanggo loncat.
Paraga lan watak :
Mas Gondho : Males, Gampang meri, Bisa
dibuktikake saka
penggalan
Cerkak kasebut
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah
apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean.
Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki...
Tanto : Polos, gampang pracaya
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut
Tanto : Polos, gampang pracaya
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
Alur : Maju,
nyeritakake kedadeyan pengalamane Mas Gondo nang
kadepane.
Sudut Pandhang : Uwong ketelu sing perane kanggo
pengamat.
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut,
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal
tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model
lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Amanat :
Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut,
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah
apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero
omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?”
grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Basa : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu
Basa : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar