Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 29 November 2014

Upacara Labuh Tandur Dhusun Padasan





Upacara Labuh Tandur Dhusun Padasan


 


Upacara labuh tandur Sleman, Yogyakarta. Sanak kadangacara tani ing dhusun desa Padasan, Dwsa Pakembinangunan, kecamatan Pakem, kabupaten Sleman, ngadani satunggaling upacara saderengipun miwiti tanem pantun. Nanem pantun boten namun satunggaling kridha ingkang dipunlampahi saben mangsa tanem. Kangge miwiti mangsa tanem, kadang tani nglampahi maneka cawisan, antawisipun ngluku, ngarit sarta ngadani upacara wilujengan labuh tandur Wilujengan labuh tandur, mujudaken satunggaling upacara kangge miwiti tanem pantun, ngiras kangge nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti ingkang Hakarya Jagat, supados kridhaning olah tetanen rancag, kalis saking paneraking ama, lan kasil panenipun maremaken. Upacara labuh tandur ingkang sampun awis-awis dipunlampahi dening kadang tani, samangke wiwit dipungrengsengaken malih, mliginipun para kadang tani ing wewengkon Ngayogyakarta. Lampahing upacara ugi dipunjumbuhaken kaliyan lampah adat ing saben wewengkon. Dene tatacara lan uborampe ingkang dipuncawisaken boten kados ingkang dipunlampahi dening sesepuh ing jaman kawuri, namung dipunpendhet baku kemawon. Saderengipun upacara kawiwiran, kadang tani nyawisaken ubarampe, sekul tumpeng, ingkung lan tumbasan peken. Dene tumrap kadang tani ing dhusun Padasan, kawimbuhan ubarampe mligi, inggih punika jenang sumsum. Jenang sumsum mengku werdi kangge mulihaken otot bebayu kadang tani sesampunipun mangsa panen, supados samekta olah tetanen malih. contoh artikel bahasa jawa upacara labuh tandur Salebeting upacara kasebat, ugi dipuncawisaken ubarampe piranti olah tetanen, ingkang nggambaraken manunggalipun manungsa kaliyan alam, sarta pralambang taqwa dhumateng Gusti ingkang Hakarya jagat. Sedaya uborampe mau lajeng dipunkirab tumuju sabin, kangge mbiwarakaken lampahing upacara labuh tandur. Sadumuginipun dhateng sabin, sedaya ubarampe dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, dene sekawan pincuk jenang sungsum dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, minangka tolak bala.

Disalin dari : http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-upacara-labuh-tandur.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar