Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 29 November 2014

PERI AYU PRIYAMARA (Alaming Lelembut)



PERI AYU PRIYAMARA
(Alaming Lelembut)
dening : St. Sri Emyani
Karo sing jenenge masang wuwu mbah Mul Gudel pancen wis sajiwa, wis dadi klangenane wiwit saka bocah. Embuh naluri apa kepriye, karo sing jenenge iwak kaya kancane wae. Akeh ing Terongdawa sing masang wuwu. Ananging sing ajeg isi lele, bader, tombro, nganti tekan urang pa yuyu ya mung wuwune mbah Mul Gudel, liyane ora mingsra.
Ana sruwang-sruwing, bisik-bisik rerasan tangga ujare mbah Mul digendhak alias dipacari karo sing mbaureksa Kedhung Dhindhing. Rerasan iku sajak wis remasuk ing atine para sedulur-sedulur Terongdawa. Jan-jane aku dhewe kurang patiya percaya, ananging yen meruhi mbah Mul saben esuk mulih nggawa iwak saka Kedhung Dhindhing luwih saka rong kepis iku kok ya aku kepeksa rada percaya.
Ing sawijining wektu aku sengaja sanja menyang ing ndaleme mbah Mul sing pancen isih mambu famili.
“Nak mas yani ta ki mau. Kok sajak njanur gunung hehehehe ana parigawe ta!”
“Mboten Mbah mung hehehe dangu mboten ngriki rasane kangen kepingin guyon-guyon nggedupuk kalih mbah Mul he he he he.”
“Hiya aku dhewe ya rada kangen yen slirane ra sok sanja mrene.” Ujare karo menjer ‘udut’thingwe. Aku ditawani mung gedheg-gedheg. Ra betah ambune klembak menyane sing sok nggawe mulese weteng. Aku uga ngetokake rokok’Penthung’ olehku ngebon nggone yu Croton.
“Lho ujare dik Yani ki sekolah ing Malang?”
“Inggih mbah kuliah teng Malang.”
“Wis rampung?”
“Sampun mbah.”
“Lha njur mergawe?”
“Nganggur riyin teng nggriya.”
Mbah Mul Gudel sing sajak nduweni pangrasa iku mung manthuk-manthuk. Sajak wis bisa nggerba gembolane batinku. Aku dhewe ya banjur katut nggembuleng ngulati beluk rokokku dhewe sing bunder kluweng-kluweng.
“Anu mbah?’
“Ana apa Le. Ki mau perlu pa piye?”
“Mboten namung badhe nggenahaken....”
“Nggenahake apa ta?”
Olehku arep ngomong kandheg. Awit, mbah Mul Putri nyugatakake kopi. Kathik ana pacitane anak urang. Yen dhaerah nggonku katelah umum. Senenganku, mula senajan durung dimanggakake wis ndak incipi dhisik.
“Entekna Le, iki mau olehku masang wuwu esuk mau. Mengko yen bali nggawaa, olehe rada akeh kok iki mau.
“Inggih, suwun mbah. Kula wau badhe tang....”
“Ora usah rikuh-rikuh arep takon apa ta?”
“Niku lho kabar kabur tangga-tangga.”
“Wo, masalah aku karo sing mbaureksa Kedhung Dhndhing.”
“Hinggih.”
“Hiya pancen Le.”
“Hah!”
“Critane mangkene. Wektu iku malem Jumat Legi. Mujudake dina sing dikeramatake dening masarakat sekitare Kedhung Dhindhing. Mbah Mul uga banget percaya marang dina keramat kasebut.Awit,mbah Mul uga necep ilmu ‘Supranatural’ utawa bangsane badan alus.
Jam nudhohake pandhom jam sanga hawa sing adhem babar blas ora dirasa dening mbah Mul. Sing ana mung siji, yaiku iwak-iwak ing Kedhung Dhindhing. Wuwu sepuluh dipikul ing pundhake. Suwara Bence ngganter ing sandhuwure sirahe, iku ya ra nggawe mrinding mbah Mul. Apa maneh suwara Kokokbeluk saka wit Salam ing perenge Kedhung Dhindhing mung dianggep tembang wengi sing ora medeni ananging malah endah ing karna.
Jangkahe mantep kaya mantepe karepe. Banjur ora ngeman sikil tuwa kuwi njeguri pinggiring kedhung sing angker. Wuwu-wuwu dipasang ing sapinggire Kedhung Dhindhing. Ananging bareng wis mari anggone masang Wuwu, -- ‘mak jleg’ ana tungkak sing natap dhadha antep kaya kambil sajanjang ngebruki. Untung mbah Mul wis tuwuk mbeguru, ngluru ilmu iku kaya-kaya wis kulina yen sing jenenge lara. Mripat tajem banjur manther natap regemeng-regemeng blegering wanita sing arep ngancap maneh iku.
“He ngapa wong ayu. Wengi-wengi nggreridhu anggonku makarya!” Antep takone mbah Mul ngemu perbawa awit, dilambari ngilmu gorah ngagor-agor.
“He menungsa! Mangertiya aku sing tunggu wewengkon kene. Jenengku Peri Priyamara he he hi hi hi hi hi.”
“Kowe arep ngapa!”
“Arep njuwing-njuwing ragamu. Njur ndak gawe isine ing kedhung kene.”
“Salahku...”
“Aja mbodhoni. Awakmu wis wani njupuki isine kedhung sak kepenake.”
“He Peri Priyamara! Saiki ngene wae, yen sliramu nantang tandhing ndak ladeni. Ananging sliramu aja nganti nggendhak sikara marang menungsa liya lan ana prajanjen. Yen ta aku sing kalah lila ragaku mbok gawe tumbal lan sukmaku dadi gedibalmu. Aku trima. Ananging yen sliramu sing kalah kepriye janjimu.”
“Yen aku sing kalah, kowe arep ndak wenehi upeti. Yaiku iwak rong kepis saben minggu.”
“Bagus...., bagus....”
Lelorone njur tandhing kaya pitik don ing kalangan. Sengaja mbah Mul durung ngetokake jurus-jurus sing bisa nglemesake, mbah Mul dhewe ngakoni kadigdayane Peri ayu kasebut. Mula jurus-jurus age diwetokake. Ananging mung kaya nampani angin. Ora kodal babar blas.
Malah ing salah sawijining kalodhangan dhadhane mbah Mul kena dugang sarosane, nganti tekan ing Gisik Kedhung Dhindhing kontal.
“Hihihihihihi hi hi hi hi, kepriye menungsa! Isih wani ta nerusake adegan iki.”
Bebarengan karo sesumbare Peri iku ana angin sing pancen sok nggawe dolanan rambut rembyak-rembyak’ayu’. Meruhi iku birahine mbah Mul kok ya tuwuh. Eling birahi njur kelingan wejangane mbah Dhukun begurone. Le yen kowe tandhing karo Wewe, yen sliramu nganti kasoran gunakna ilmumu sing pungkasan yaiku, ‘asmara pamulut’
Mbah Mul njur ngrapal semar mesem, semar mendem, pungkasaning semar gandrung. Embuh kepriye kok mara-mara Peri Ayu iku mesam-mesem, ngulati mbah Mul kanthi asih banget. Kenya sing wis kejiman iku njur kaya kelangan kasantosane. Malah njur mara nyedhak karo ngglendhot ing dhadhane mbah Mul. Netrane sing asih iku tambah ayu kena sorote sang wulan. Apa maneh bareng mbah Mul njur ngusap rekmane njur lathine kanthi alus ‘ngecup’ pipi. Angin wengi dadi saksi. Jangkrik-jangkrik padha meneng awit kegubel suwasana--, saya adoh saya adoh lelayaran ing pinggiring kedhung Dhindhing iku nganti pungkasane.
“He menungsa aku sing kalah. Aku trima saben minggu menehi kebutuhanmu iwak marang sliramu.”
Esuke meh wong sadhukuh melu mangan iwak kabeh. Awit wuwu sepuluh duweke mbah Mul isi kebak anak urang sing mujudake iwak kesenengane masarakat dhukuh kono. Crita iki pancen ana. Dene percaya lan ora nyumanggakake. ***N u w u n.
Panggul – Trenggalek

Tidak ada komentar:

Posting Komentar