Cerkak "Ira"
dimuat di
rubrik "Alaming Lelembut" Mingguan Panjebar Semangat No. 20 - 17 Mei
2014
Dening
Anjrah LelonoBroto
Dalijo
bola-bali nilingake arlojine. Ora merga arlojine kuwi umure isihkaro tengah
minggu, nanging pawongan kang menehi arloji kuwi kok ya ora gagetilpun utawa
kirim SMS. Sejatine dhurung suwe olehe nunggu nanging gawanenotoling ati,
rasane Dalijo wis telung abad olehe ngejejer sapinggiring ratankuwi.
Ora
mung sepisan, Dalijo nginguk prapatan. Atine ngarep-arep bis kangmondhong
wanodya merak ati kuwi gage ndang tekan. Isuk mau Dalijo wis keprunguswarane
liwat tilpun. Nanging kayadhene ukara-ukara tembang campursari “LayangSwara”,
kangen ing atine Dalijo ora bisa oleh tamba yen dhurung sapatemon,dhurung
lungguh jejer, dhurung ngunu, dhurung ngunu.
Kanthi
pawadan anthuk jejibahan melu diklat, Dalijo ninggalake anakbojone kanggo
tetemonan klawan kembang impene selawase iki. Klawan wanodya kanglagi maringi
hadiah arloji merk larang ing ulang taune wingi. Wanodya kuwijenenge Erawati,
nanging kaprah diundang Ira. Pacare Eddy, kanca sakkosane Dalijojaman kuliyah
mbiyen. Jaman semana, ora ana perasaan apa-apa antaraningkekarone. Ira kelet klawan
Eddy lan Dalijo iya mepet wae klawan Sri, sing saikijejer ibu anak-anake
Dalijo.
Nanging
nalika limang wulan kepungkur kekarone ora sengaja ketemu ingreuni kampus,
Dalijo lagi ngerti yen Ira lan Eddy ora kebacut lungguh jejer ingkwadhe kaya
dheweke lan Sri. Ira disunting duda pilihan wong tuwane kangmubra-mubru jejer
kepala BKD ing kutha klairane. Dene Eddy malah rabi klawan anakeibu kost.
Jarene Ira, Eddy sempat liwung nalika pedhot klawan dheweke. Ingliwunge, Eddy
kenal inum-inuman keras lan saba diskotik saben wengi.
Dudu
bab mblasaring Eddy kanca sakkostane kang narik atine Dalijo.
Moblong-moblongeIra kang njilma lintang panjer rina, beda adoh karo jaman
semana. Ira kangsaiki ayu dhenok-dheblong persis bintang tipi Syahrini kuwawa
gawe kroncalaningati lanange Dalijo. Guru prasaja kang selawase iki ora tau
neka-neka, apa manehnganti wani ramban tandurane tangga, dina iki ketaman
wuyung kelas berat marangkanca kuliyahe mbiyen. kamangka kekarone pada mengku
bale somah, kegandolanbojo-kegandolan anak.
Dalijo
saya njungkir walik nalika tanpa saru-siku Ira “curhat” ngenanisesangganing
jejer garwa duda tuwa kang wis apeputra. Yen ora amarga bektinemarang wong
tuwa, ora mungkin Ira gelem dadi bojone wong tuwa kang oranggantheng lan wis
ora prakosa jroning ngayahi kuwajiban minangka guru laki. Gurumapel Bahasa
Daerah kang ora nate ndhuweni panggantha sundul wuwung kuwi kayaketiban duren
nalika wanodya kang weweg lencir kuning kuwi nuduhakesinyal-sinyal ora sabaene
marang dheweke. Gegambarane keng garwa, Sri, jroningatine Dalijo ilang kesilep
ngujiwate esem lan liringe Ira.
Dumadakan
ana kang gumeter ingsak clanane Dalijo. Mung sepisan. Berarti ana SMS kang
mlebu HP-ne. Pindhamanuk emprit nyamber walang sangit, Dalijo gage mbukak flip
HP-ne. “Sori Mas,telat. Ngarang alibi sing apik dhisik. Tapi, njenengan rak wis
njamu se?Wkwkwk,”
SMS
kuwi ora gage dibales. Makaping-kaping ukara-ukara SMS kuwi diwacadening
Dalijo. Lambene mesam-mesem dhewe. Kaya bocah es-em-a, Dalijo malahmbenakake
surenan rambute. Bola-bali nginguk pasuryane ing spion sedan tuwane.Dheweke
kaya ora yakin yen prejengan kaya dheweke bisa mbethot atine wanodyamerak ati
kaya Ira.
Ora
let suwe. Bis kang diantu-antu wiwit mau njedul ing prapatan. Sakawetenge
mudhun widadari apraen Syahrini, gurawalan Dalijo methuk. Anak putuAdam kang
wis ora enom maneh kuwi gopyak-gapyuk kaya sewindu ora ketemu. Tanpasungkan,
Ira ngesun pipine Dalijo kang isih mlenggong nyawang Ira kangdibungkus jaket
lan clana mlepet. Nganti apa kang tumempel ing anggane patingpecothot narik
mripat lanang ing ngendi wae.
Ana
swara suit-suit saka njerobis kang wiwit mlaku maneh, nanging kekarone ora
keguh. Dalijo gage nggandhengtangane Ira nuju sedan tuwane kang diparkir
sangisoring cemara. Ira dhewe oragelem kalah. Tangane ngranggeh bangkekan lan
sirahe disendhekake ing pundhake Dalijo.Ing langit kulon, srengenge sabtu sore
pamit ndhelik ing walike gegodhongankutha Batu kang adem.
*****
“Lho,
kok mrene, Mas Jo!!” serune Ira ngalem.
“Kenengapa?
Apa villa-ne kurang asyik?” saute Dalijo. Tangan tengeneisih mangkring neng
stir sedan tuwane, sedheng tangan kiwane embuh mrambattekan ngendi.
“Aja
neng kene. Mengko yen mlebu-metu gampang dititeni uwong. Aku asringngancani
bojoku ana acara neng cedhak-cedhak kene,”
“Oalah..
Tapi, yen mlebu-metu ngunu kuwi rak ya malah enak ta, Ir?”
“Mas
Jo iki nakal,” jiwitan cilik mampir neng bangkekan. Ora ana singkelaran, sing
dijiwit malah mesam-mesem lali sembarang kalir. “Mbok sing mesrata, Mas.
Ngundang Yang tah Say rak ya luwih nyamleng neng kuping,”
“Oke,
Sayangku... Cintaku... Manisku...” ora kari ganti tangane Dalijokang njawil
janggute Ira. “Terus iki menyang endi? Aku selak ora kanthi je...”
“Ngalor,
Mas Jo. Aman,” Ira ndhelikake raine ing dadane Dalijo. Dalijonjingkat kerih,
selawase Sri ora tau uwil-uwil dadane. Meh wae mobil nengngarepe diambung
bokonge. Untunge, senadyan sedan tuwa, rem-e isih pakem.“Tenang, Mas Jo..
Santai. Mengko yen wayahe rak luwih kepenak,”
Sedan
tuwa kuwi jablas ngarah kutha Batu sisih lor tengah. Sanjabaningsedan tuwa
kuwi, hawa adem saya ngrembuyung nalika pandom jam mlaku terus mlaku.Nanging
lawe-lawe rarasmara kang jinait Dalijo lan Ira jroning sedan tuwakuwawa ngusir
hawa adem kang njekut, malah ngilekake hawa anget kang jeru.Milining lelakon
ngeterake Dalijo lan Ira ing ulegan kasmaran kang nerakangger-angger.
Ora
krasa, akhire sedan tuwa kuwi leren. Ora neng ngarepe villa endahutawa
parkirane hotel. Sedan tuwa kuwi malah parkir ing platarane sawijiningomah kang
mencil ing antaraning wit-witan apel liar. Lampu ngemper lan iringanomah kuwi
sumorot remu-remu. Isih kebak esem guyune joko-prawan sumengit,Dalijo lan Ira
mudhun lan nothok lawang omah kang mencil kuwi. Sawise kapingpindho uluk salam,
saka njero omah keprungu kumleseting sikil.
Nalika
lawang dibukak, sawijining wanodya sakumuran mbakyune Dalijo mapag.Wanodya kuwi
nganggo jarik, kebayak, lan sanggulan kaya arep nekani resepsi.Wedak pupure
katon mandha-mandha, ganda lenga wangi kang ngambar-ambar sakaanggane wanodya
kuwi saya metengake mripate Dalijo kang kebacutmendelik-mendelik wiwit mau
krana digulet Ira. Kang rada narik kawigateneDalijo, wanodya kuwi ndhuweni
pasuryan kang jibles klawan Ira. Pakulitane,irunge, lambene, lan solah bawane
kaya jambe sinigar klawan Ira. Senadyankayane ora adoh, nanging umur kang kacek
ora kena disingidake antaraning Iraklawan wanodya kang saiki paring sasmita
supaya kekarone gage mlebu omah. MiturutIra, wanodya kuwi isih pernah nak
dhulure saka ibune.
Dalijo
lungguhan neng ruwang tamu. Ira langsung ngunclug nututi jangkahetuwan rumah.
Pamite menyang Dalijo, kebelet turas. Dalijo nyumet rokok kretekkaremane.
Keluke kumebul ngebaki ruwang tamu kang prasaja lan sinaput lebu ingkana-kene.
Mripate Dalijo disawatake ngubengi tembok lan gendheng omah mencilkuwi. Nanging
sakehing kang mampir ing mripate ora ngobahake pikirane kangwiwit mau dikebaki
wewayangane Ira kang weweg lan nggoda ati lanange.
Ora
let suwe, wanodya sakumuran mbakyune Dalijo kuwi mencungul sinambinyangking teh
lan apel sakpiring.
“Tepangaken,
kula Sulastri. Dhik Ira menika taksih pernah sedherekklayan kula. Nanging
sedherek tebih. Mboten napa-napa, mboten sisah kuwatir,kula kalih Dhik Ira
menika sampun ngaten,” Sulastri nggawe isyarat ‘cedhakbanget’ nganggo driji-drijine.
Dalijo kaya kebo dikeluh, mung manthuk-manthuk,senadyan separo pikirane wis ora
gathuk. “Sampun dangu tepang klayan Dhik Ira?”
Dalijo
sepisan maneh mungmanthuk. Lambene ngakeb rokok karo nutupi pangrasane kang ora
kena diampetmaneh. Sulastri mesam-mesem weruh praupane Dalijo kang abang
mangar-mangar.
Keprungu
swara dhehem alus saka njero ngomah. Dalijo ora sepira titen,kuwi swarane Ira
apa swarane wong liya. Kang mesthi swara dhehem alus kuwiswara wadon. Lan swara
dhehem alus kuwi minangka sasmita marang Sulastri.Wanodya sakumuran mbakyune
Dalijo kuwi ngadeg, tanpa dinyana cengkir gadingenatap panyawange Dalijo. Guru
prasaja kuwi langsung ngeleg idu. Gulu menjingemunggah-mudhun. Ora kalah klawan
Ira, senadyan kepangan umur Sulastri isihkaton seger lan weweg.
Sinambi
mesam-mesem weruh mripat pendhirangane Dalijo, Sulastri nyableklengen wong
lanang kuwi. “Wis dienteni Dhik Ira neng kamar tengah,”
*****
Ingkamar ukuran telung meteran kang peteng, Dalijo ngesokake krodhaning
hawanepsune marang Ira. Semono uga Ira. Kekarone sawetara wektu lelumban
ingsamodraning asmara. Kenyut ing ulegane, Dalijo nganti manut wae nalika
Iranyancang tangan lan sikile ing dhipan. Ing puncake, swarane Dalijo
mbengoksora. Dudu bengoke pawongan kang diganjar kanikmatane swarga donya,
nangingbengok kelaran kang nuli disambung ngrintih tanpa leren.
Lampu
kamar nuli murub. Ing dhipan, Dalijo klekaran ngglegena tanpaawer-awer adus
kringet. Ora ana getih waras kang mili. Nanging praupane Dalijokaya wong
kenthir kang kelangan nalare. Mripate kosong. Lambene ngrintihngampet lara
nanging dheweke kaya-kaya ora ngerteni larane kuwi kenengapa.
Sulastri
mbukak lawang kamar. Wanodya weweg kuwi nyedhaki Ira kang ugangglegena lan isih
njengkeng sandhuwuring Dalijo. Sulastri ngaras rambute Ira,“Kurang telu engkas,
Nduk,” guyune Ira pecah ngrontokake gentheng, ngrubuhaketembok. Guyu kuwi
cumlengking miyak wengi.
“Ajian
Giring Suksma kuwi pancen nuntut laku kang abot, Nduk. Nanging,sawangen simbah.
Ora ana sing ngandel yen kowe kuwi putuku,” Sulastringgandheng tangane Ira
mudhun saka dhipan, “Yen kasil ndhuweni ajian iki, ajamung wong sakdesa, wong
sakkutha mesthi teluk lan nuwun inggih marang kowe.Tapi isih ana sukmane wong
lanang telu kang lali marang angger-angger kang kudumbokcucup, kowe rak isih
sanggup nutugake lakune ta, Nduk?”
“Jer
basuki mawa beya, Yang Ti,” semaure Ira kambi nutupi anggane singngglegena
nganggo jarit parang rusak kang wis cemepak ing meja cedhak dhipan.
“Kuwi
lagi jenenge putuku,” Sulastri ngambung bathuke putune, kekaronejumangkah metu
saka kamar. “Yen mung kanggo nyaleg, Nduk, Ajian Giring Suksmamesthi tadah,”
ujug-ujug Sulastrin kelingan Dalijo, “Wong lanang apes kuwi? Ajakaya sing wingi
kae!!”
“Sesuk,
paling ana berita mobile guru nyemplung kali, Yang Ti”
-----
CUTHEL-----
Tidak ada komentar:
Posting Komentar