Wayang
Sejarah
Wayang Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi
sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis
ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu
kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme
sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan
Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan
kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane
menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake
gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo
nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual
selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada
seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau
dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kira-kira awalane tahun
masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu
sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia.
Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha
iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia. Ing
sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing
sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang
karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu
lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi
sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia
karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau
sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing
masyarakat Indonesia. Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya
agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian
wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri.
Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing
terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing
ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi
penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine
Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing
uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep
panjelmaane lan titisane Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala
kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala
Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan
indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur
diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.
Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga
didalangi dewe karo Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian
wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah
bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi
siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang
Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake
ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat
saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang
beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam
wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan
sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama
Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh
perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa
sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing
mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe
soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane
menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi
arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa. Dikarang Nang RA Sutini BA
Maturnuwun maring dhitos artikel basa jawa tentang wayang, artikel bhs jawa
wayang, contoh artikel bahasa jawa wayang, tuladha artikel basa jawa wayang,
artikel jawa babagan sejarah wayang
Disalin dari : http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-basa-jawa-tentang-wayang.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.
Disalin dari : http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-basa-jawa-tentang-wayang.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar