PETENG
Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan,
gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala
ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah
yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan
megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan
kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing
kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.

Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning
aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran kang nguwasani jagad
saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.

Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa
dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane aku lan sisihanku nora
kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku
kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone
klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut
pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji
luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi
sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip.
Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro
gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena
kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan
bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan
nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg
anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan
nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles
garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute
tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed
rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.

Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe
kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing
wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge,
sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja
nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.

Ngancik pitu, netepi adat Jawa,
dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantu-antuning
pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.

Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile
priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing
sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.

UNSUR INSTRINSIK CERKAK ”PETENG”
A. TEMA : BEBRAYAN
B. ALUR : MAJU
Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena
kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing semono taun tangising jabang
bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah
sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku
kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora
kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter
positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep
anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa
dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang kedokteran saperlu
priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon pucet,
getihe kaya mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng
kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku jumbul. Keringet adhem
wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan
pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal, glaarrr.... dumadakan peteng,
peteng langite peteng panyawange paraga aku.
C. LATAR :
a. Latar panggonan : Rumah Sakit
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing
ngisor iki
Mula
wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan
priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote
bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
b. Latar
Suasana : Trenyuhake
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing
ngisor iki
Dumadakan
nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles
garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute
tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron.
c. Latar wektu :
Esuk
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing
ngisor iki.
Tanggal
10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku
dak gugah saperlu kareben cepak-cepak.
D. PENOKOHAN :
a. Aku : Sabar, pangerten
Bukti tokoh ”aku” duwe watak sabar lan
pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg
anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan
nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut.
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter
ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu
leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.
b. Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh ”bojoku” duwe watak penyayang
ana ing penggalan cerkak ngisor iki
Saben
menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak
rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa
selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”
c. Dokter : Ramah / sumeh
Bukti tokoh ”dokter” duwe watak tegas lan
bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki
Nyantri
sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku
tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,”

E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana
cerkak uga penulis cerkak.
F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.
G. GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake
basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor
iki
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile
priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing
sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor
iki
Glaaaarrrr….
Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet…
lelimengan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar