Geguritan
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)
Geguritan iku asale saka tembung gurit, kang tegese kidung utawa tembang.
Satemene yen dicocogake antarane teges (batasan pengertian) karo kanyataan
wujud utawa wangune geguritan iku kaya adoh susate. Dadi teges kang wis
diandharake iku may babar pisan ora cocog karo kahanane geguritan kang ana. Maksude
mangkene, geguritan iku satemene pancen dudu sabangsane tembang utawa kidung.
Geguritan iku babar pisan ora padha karo tembang utawa kdung. Jalaran tembang
utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo wewaton/ paugeran/ aturan kang
wujude titi laras (notasi). Kamangka gegurritan pamacane ora nganggo weewaton
titi laras (notasi). Ora ana aturan kang gumathok babagan carane maca
geguritan. Saben wong bebas merdika anggone maca geguritan. Sing baku mung piye
amrih kepenake dirungokake dening liyan. Geguritan ing jaman saiki kang
ditengenke yaiku tembung kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung
marant: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa (majas); (3)
digunakake ing saben dina. Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih
teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh
penafsirane.
A) Unsur Geguritan.
1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Tembung ing geguritan asil saka pamilihe
tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweni ateges entar (kias).
b) Pengimajinasian. Tembung ing geguritan bisa nuwuhake khalayan. Kanthi
khayalan kasebut kang maca lan ngrungokake bisa melu ngrasakake, ngrungokake,
lan ndeleng sawijining bab kang ditulis dening penyair.
c) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo
nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung
liyane.
d) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung,
kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar