Gambar

Gambar

Gambar

Sabtu, 29 November 2014

Geguritan Ing Sanggar Asepi


ING SANGGAR ASEPI
Djaimin K.

Manjing telenging sanggar asepi
nyingkur jawilaning angina ngalsik
nutup babahan dalaning godha
nyirep ubaling geni karep
nepsu dudu.

Ati sepen-sepi
uwal krenteg isiking ati
rep sirep
tidhem premanem
neng
ning.

Jroning ning
gembleng nyawiji
ati mumbul
del…
manjing tlatah arum
gurit putih
winengku
asih-Mu

(dari antologi Siter Gadhing, 1995)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar