Gambar

Gambar

Gambar

Rabu, 07 Januari 2015

Tuladha Sesorah

Assalamualaikum Wr. Wb.
Salam pramuka!
Ingkang kinurmatan Bapak pembantu dekan bidang kemahasiswaan, ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu pembina pramuka guguslatih bahasa dan seni, ingkang kinurmatan tamu undangan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
 Langkung rumiyin sumangga kula lan Panjenengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha nikmat dhumateng kita sedaya, katiti saged makempal wonten ing adicara rapat koordinasi guguslatih bahasa dan seni.
Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh wonten ing adicara rapat koordinasi guguslatih bahasa dan seni taun 2014. Kula minangka koordinator 2013  ngaturaken panuwun marang kadang panitia ingkang sampun nyiapaken adicara menika kanthi sae. Mugi-mugi adicara menika saged lumampah kanthi lancar.
Para rawuh, sampun setunggal taun angkatan 2013 menika ngawontenaken kegiyatan-kegiyatan kepramukaan. Salah satunggalipun Wijaya Rover Challenge, menika kegiyatan lomba penegak se-Jateng ingkang sampun kalaksanan kanthi sae. Awit sampun setunggal periode, kepengurusan menika badhe dipun gantos kaliyan kepengurusan taun salajengipun. Saengga wonten ing rapat koordinasi menika kula lan panjenengan badhe nemtokaken koordinator 2014. Mugi rapat saged kalaksanan kanthi sae lan koordinator ingkang kapilih mugi saged ngemban amanah sarta langkung sae tinimbang kepengurusan  2013 menika.
Makaten ingkang saged kula aturaken. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten subasita saha trapsila ingkang tebih saking kasusilan.
Nuwun, matur nuwun.
Wasalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar