Gambar

Gambar

Gambar

Jumat, 12 Desember 2014

Cowongan



Cowongan

 
Menawi mangsa ketiga wonten pundi mawon damel rekaos. Ingkang ngraosaken sederek tani. Sawah, kebon, pekarangan garing sami nela. Nanem menapa mawon boten kenging toya kathah boten kasil. Badhe ngliwet mawon kedah mlampah tebih ngangsu sumur ingkang wonten toyanipun. Ingkang wonten ing pinggir kali Serayu taksih begja saged ngedhuk wedhi damel belik kaliyan asta taksih saged medal toyanipun. Ananging inggih rekaos anggenipun bekta minggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa kathah ingkang sambat. kenging menapa ananging ingkang saged ngrawuhaken jawah inggih Ingkang Kuwasa? Milane sami ngrekadaya nyuwun marang Gusti Allah supados nyembadani ngintun jawah marang bumi. Salah satunggalipun upacara nyuwun jawah ingkang wonten ing tlatah Banyumas dipun wastani cowongan. Ngwontenkena cowongan biyasanipun amargi mangsa ketiganipun liwat saking sekawan wulan laminipun. Utawi siti sampun sami garing malah ngantos mbledhag, sumur sat, tanduran sami garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supados ngrawuhaken sukmanipun Dewi Nawangwulan kagem biyantu ngrawuhaken jawah kagem nelesi bumi ingkang garing. Dewi Nawangwulan menika sinten? Cariyosipun, Dewi Nawangwulan menika widadari saking kahyangan. Wektu andhap ing bumi kaliyan kanca-kancanipun siram wonten tlaga. Rasukanipun dipun umpetaken kaliyan Jaka Tarub. Mesthi kemawon boten saged kondur marang kahyangan. Lajeng dening Jaka Tarub si widadari dipun ajak wangsul. Nawangwulan lajeng dipundadosaken garwa gesang kados manungsa limrah.Sareng gadhah putra dipun paringi asma Nawangsih, rasukan ingkang dipun umpetaken Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan lajeng mabur marang kahyangan putranipun dipun tilar ing ngandap wit gedhang raja. Milane Nawangsih kagem nyambung batine Nawangwulan nyuwun jawah ingkang dipun wontenaken ing ngandap wit gedhang raja. Kados makaten cariyos upacara wau niru Jaka Tarub. Cowongan boten kenging sembarangan. Dhukun cowongan kaliyan tiyang ingkang badhe tumut upacara kedah sami tirakat dangunipun pitung dinten pitung dalu. Ancasipun kagem ngresiki jiwa lan raga. Sasampunipun tirakat, dhukun lan ingkang dipun tugasi upacara siap ngundang rawuhipun Nawangwulan ingkang ketelah dipun wastani Nini Cowong. Nini Cowong wujudipun golek, mustakanipun saking cumplung saliranipun saking pring lajeng dipun sukani rasukan kados tiyang putri ingkang ayu rupane. Lakune upacara Cowongan wonten ing ngandhap wit gedhang raja. Si dhukun maos mantra ngundang rawuhipun Dewi Nawangwulan. Pangajabipun dipun suwuni biyantu nyuwun marang Gusti Allah ngrawuhaken jawah sabab buminipun sampun garing, gesangipun manungsa rekaos amergi sumuripun asat, tanduran sami mati. Sareng dhukun maos mantra, Nini Cowong dipun ebahaken kados nembe nyuwun jawah marang Gusti Allah. Ananging kasembadan boten gemantung Kersanipun Gusti Allah. Menawi sampun jawah, godhong-godhong sami katon ijem. Sumur asat medal toyanipun. Milane sami ingkang ageng raos syukuripun. sedaya ebahing jagat menika Ingkang Kuwasanipun Gusti Allah. Sedaya mahluk wajib bekti marang ingkang damel gesang sedawane taksih ambekan, taksih saged nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh wangsul marang kersanipun Gusti Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar