Gambar

Gambar

Gambar

Minggu, 11 Januari 2015

Andong lan Laler Cilik

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.



Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil Okt 09).

bacaan:
Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta



Sumber: http://kumpulandongengdanceritarakyat.blogspot.com

Misteri Gunung Bromo



Jaman biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.


Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.

Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti “Panguasane

Tengger sing Budiman”. Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :”Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo. 


Sumber: http://www.beritaterhangat.net

Keong Mas

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
Sumber: http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

Sesorah Perpisahan Kelas IX



Assalamualaikum Wr.Wb
Nuwun,
Bapak Kepala SMPN 12 Babat ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati
Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani
Ingkang sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji
sukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah
katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo sami saged makempal
wonten ing SMPN 12 Babat,kangge angestreni perpisahan kelas IX, kanthi
sehat walafiat boten wonten alangan menapa.
Ingkang kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi
besar Muhammad SAW ingkang sampun nuntun kita sedaya saking margi
ingkang lepat dumugi margi ingkang leres inggih menika dinul islam.
Ingkang saklajengipun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng
para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi kelas IX
ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin
katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged
ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu
guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan
kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula
sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula
sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca
nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal
saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas
VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten
kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangkasami.
Nuwun,
Wassalamualaikum Wr.Wb



Sumber: pidato.net

Tuladha Pidato Seserahan

Pidato Seserahan
1. Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten
Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.

2. AturNaampi Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alikum wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.
Sumber: http://corojowo.blogspot.com

Pidhato/ Sesorah/ Tanggap Wacana/ Tanggap Sabda/ Medhar Sabda



  1. Tegese sesorah/pidhato/tanggap wacana/medhar sabda
Sesorah yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong sing maneka warna, upamane beda pangkat/kalungguhan, tataran ngelmu, umut, lan sapiturute. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati sing kudu digatekake supaya anggone sesorah bisa kasil karo sing dikarepake. Miturut panemune wong sing nindakake, sesorah iku ora angel kajaba kudu ngerti bab wigatine sesorah, uga gelem gladhen/latihan, saengga anggone sesorah bisa becik lan lancar.

  1. Ancase sesorah
1.      Atur pambagya: sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang taun) lan sapiturute.
2.      Atur kabar/pawarta/informasi: informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamiarsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/gamblang perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan bisa dadi ngerti/gamblang informasi kang diwedharake. Upamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang, lan sapiturute.
3.      Aweh panglipur/hiburan: sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe, upamane ing acara mantu, tanggap warsa, lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur ing acara layatan supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan eklas.
4.      Pangajak: sesorah ingkang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapincut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Upamane sesorah ing papan  ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.
  1. Bab wigati nalika sesorah
Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab:
  1. Basa
Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakae menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati. Wong sesorah kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampung bisa nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bisa kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
Manut kanyatan ana ing adicara temanten, sukuran, supitan, tanggap warsa, basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawa dirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padha rawuh.prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan  wusana penak dirungokake dening wong liya.
  1. Busana
Ajining raga saka busana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing mirengake sesorah uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan ancase.
  1. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon anget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.
  1. Solah bawa/patrap/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.
Bab liyane sing kudu disingkiri antarane:
-          Polatane mbesengut,
-          Gugup,
-          Ngguyu sing digawe-gawe,
-          Kerep ndeleng cathetan,
-          Ngobahake tangan/sikil,
-          Ngadeg kaku kaya wong baris,
-          Tangan methentheng,
-          Tangan sedhakep,
-          Tangan mlebu ing sak klambi utawa kathok.
  1. Urut-urutane sesorah
Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah yaiku:
  1. Purwaka: isine salam lan puji sukur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindakake acara iku. Uga matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara iku.
  2. Isi/wigatining atur: bab apa wae sing bakal diaturake, upamane atur pambagya supitan, sukuran, wakil kulawarga ing adicara manten lan sapiturute.
  3. Panutup: isine dudutan; uga isine pangarep-arep: isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, lan sapiturute; atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa micara ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tumindak sing ora mranani penggalih; uga salam panutup.
Metode sesorah/pidhato
1.      Naskah yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe. Kaluwihane: runtut; kakurangane: kurang komunikatif.
2.      Apalan yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe. Kaluwihane: ngandharake dhewe; kakurangane: kurang komunikatif.
3.      Ekstemporan yaiku sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok. Kaluwihane: runtut lan komunikatif.
4.      Impromptu yaiku sesorah dadakan/spontan. Kaluwihane: ngandharake dhewe, ora runtut.

 

Jatirahayu, Warih. 2005. Pinter Sesorah Tatakrama lan Racikan Tuladha Sesorah. Yogyakarta: Grafika Indah.



Sumber: wihanbasajawa.blogspot.com

Sabtu, 10 Januari 2015

Maca Aksara Jawa


Aksara jawa kang cacah 20 iku mengku filsafat tumraping wong urip ing ngalam donya iki. Kaya kang diwedharake dening Paku Buwono IX kanthi tembang Kinanthi mengkene: Nora kurang wulang wuruk/ Tumrape wong tanah Jawi/Laku-lakune ngagesang/Lamun gelem anglakoni/Tegese aksara Jawa/Iku guru kang sejati/. Mangkono cakepan tembang Kinanthi kang sinebut.
Dene ajaran/wewarah filsafat urip adhedhasar aksara Jawa yaiku ha-na-ca-ra-ka ateges utusan, utusan urip. Wujude napas kang kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa. Iki mengku karep, ana sing paring kapercayan, ana sing dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku ananging Gusti Kang Murbeng Dumadi, manungsa, lan jejibahane manungsa (minangka titah).
Da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawise cinipta nganti tekan da-ta (saat, wektune tinimbalan), ora bisa sa-wa-la (nolak utawa endha apadene semaya). Manungsa (lan samubarange) kudu ndherek sendika dhawuh, nampa sarta ninddakake kersane Gusti.
Pa-dha-ja-ya-nya ateges manunggale kawula Gusti. Karepe, pa-dha (jumbuh, cocog) nunggal batine kang bisa disawang ing sajroning solah bawane adhedhasar kaluhuran kautaman. Ja-ya-nya iku menang, unggul kang satemene, ora mung menang-menangan.
Ma-ga-ba-tha-nga ateges nampa sakabehaning dedhawuhan sarta larangan-Ne. Karepe, manungsa kudu pasrah, sumarah marang garis ing pepesthen/ kodrat, sanadyan manungsa diparingi wenang kanggo ngiradati, mbudidaya kanggo nanggulangi.

Sumber: LKS Kelas X (Fokus dening CV. Sindunata).