Gambar

Gambar

Gambar

Senin, 05 Januari 2015

Pembabagan Geguritan



A. GEGURITAN 
Puisi Jawa  ingkang biyasa dipun wastani geguritan kaperang dados kalih inggih menika :
1.   Puisi Jawa Tradisional, ingkang umumipun arupi tembang.
Puisi menika ditembangake miturut lagu-lagu khusus, ngagem piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora saged dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional ingkang awujud tembang jawa kathah sanget jinisi lan kaperang dados telung perangan ageng :
a)  Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Ingkang kalebet wonten ing tembang macapat inggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Ingkang kalebet wonten ing tembang tengahan inggih menika : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang ageng (kawi)
Ingkang kalebet tembang ageng inggih menika Girisa

2.   Puisi Jawa Modern dipun wastani geguritan.
Gandheng geguritan menika kalebet puisi jawa ingkang taksih enggal  (antawisipun tahun 1926)  puisi menika dereng saged katampi bebrayan ananging masyarakat, rikala semanten. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Pramila saking menika geguritan menika nalika semanten boten dipun tumutaken wonten ing sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ananging kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya(September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 gadhahi  lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalanipun.
Para perintis geguritan menika sami berjuang amrih geguritan menika diakeni lan saged mlebet wonten ing pasinaonan kasusastran Jawa. Asilipun, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyobi ngempalaken geguritan ingkang sumebar wonten kalawarti lan ariwarti dados buku ingkang judhulipun  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah menika wonten ing sajroning revolusi ical. Semanten ugi kumpulan geguritanipun piyambak ingkang mawi irah-irahan Geguritan ugi ical.
Para perintis geguritan sanesipun, inggih menika : R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Sanesipun geguritan wonten puisi jawa sanesipun ingkang arupi parikan lan syair. Parikan  menika puisi jawa ingkang memper lan gadhahi ciri-ciri kados  pantun. Dene Syair (bahasa Indonesia) inggih gadhahi ciri-ciri sami kaliyan syair wonten ing sajroning kasusastraan Indonesia.
Pramila bukane ananing geguritan menika diagem nyindir / nyemoni kahanan gesang bebrayan wonten ing sajroning masyarakat. Sanesipun  menika ugi gadhahi unsur didik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan menika gadhahi teges puisi bebas. Bebas saking iketaning tembang lan bebas nyariosaken punapa kemawon.

B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur ingkang kinandhut wonten ing sajroning geguritan dipun wastani  unsur batin. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet  unsur batin  geguritan.
     Tema, tegesipun punjeraning bab ingkang dadosaken geguritan menika dumados. Utawi gagasan pokok ingkang dipun kersani panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sanesipun.
     Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung ingkang dipun agem wonten ing sajroning geguritan gadhahi teges lan gadhahi fungsi kagem ngambaraken raos-pangraos. Raos-pangraos menika gadhahi sipat rowa lan kompleks. Ingkang kalebet rasa-pangrasa kadosta : simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sanesipun.
    Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) ingkang dipun ginakaken wonten ing sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
     Suwasana
Tegesipun kahananipun batin/jiwa pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan gadhahi tujuan kanggo mbangun suaswontenbatin pamaos geguritan.
   Amanat kang dumunung wontengeguritan
Tegesipun bab ingkang pengin dipun wedharaken penyair/panulis marang pamaos. Amanat menika boten tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi wonten pangrakiting tembung-tembung.

C.  Struktur Lahir Geguritan
Ingkang sinebat struktur lahir geguritan menika kahanan bab punapa kemawon ingkang saged dipun pirsani utawa dipun padosi ananging tembung-tembung ingkang rinakit wonten sajroning geguritan. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet struktur lahir geguritan.
  Pinilihing tembung
Pinilihing tembung ugi dipun wastani diksi. Tembung-tembung ingkang wonten sajroning geguritan biyasanipun gadhahi teges konotatif, asipat polisemi, lan gadhahi teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang trep saged ngasilaken imajinasi ingkang manjila.
  Majas
Majas utawi gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) dipun wastani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa menika kangem nambahi grengsenge geguritan.
  Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
  Tipografi
Tipografi  menika larik-larik utawa gatraning geguritan ingkang tinulis mawa pada utawa bait. Bab menika kang bentenaken antawisipun geguritan lan gancaran.

DONYA WIS LUNGSE
                                    Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang saged dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta skathah daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dados liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca tandha-tandha  jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone
Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006

Ananging geguritan ing nginggil nyariosaken menawi kahanan donya menika sampun sepuh kados ananging/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan wonten padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (ngagem basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).

Kudune yen donyanipun sampun lungse / tuwa menika saya nggenah lan becik ingkang dipun tindakaken dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuanipun tiyang. Nanging nyatanipun, wonten malah kathah tiyang ingkang bingung ngluri tujuanipun gesang. Donya boten saya jenjem, nanging umyeg kados  pasar.

http://cintajawaku.blogspot.com/2014/01/geguritan.html

Kamis, 01 Januari 2015

Tuladha Geguritan



Banyu Tumetes


Tes tes tes, saya suwe saya banter
Saya suwe saya akeh
Banyu wis kebak nang ndi-ndi

Awan-awan, kowe wis ngancani aku
Tekan sore, kowe ya isih tetep ngancani aku
Ora kesel anggonmu ngancani
Dina iki aku lagi ora seneng marang kowe
Amarga kowe bisa nggawe teles awakku
Nanging kowe isih tetep setia nyang aku
Duh udan, kapan kowe lungane ?


TRESNA

Ing wayah sore
Bubar adzan asar
Tawange katon mbesengut
Nggawe suasana anta
Nanging iku kabeh sejen karo atiku
Atiku mekar kaya kembang mawar
Mabur-mabur butul langit 7
iku kabeh merga sliramu
kang ngucap

“aku tresna marang kowe”



Bocah cilik manis, kakang adhi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung
Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lungka teka wira-wiri
Nrenyuhi
Nembangi lagu-lagu memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Kocatan bapa biyunge dheweke tininggal keri
Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung nyang endi-endi

Dina-dina uripe kalipat ayang-ayange mega


Polatanmu suntrut
Mbesengut
Gethem-gethem tanpa gunem
Tanpa esem
Ngumbar hawa nepsu kependhem
Tega sira medhot sesrawungan
Megat katresnan
Munggel bebrayan
Sasi, warsa, tumekan windu
Ngenteni lereming nepsu
Mugi Gusti paring pitedhah

Amrih lumering manah




Polatanmu suntrut
Mbesengut
Gethem-gethem tanpa gunem
Tanpa esem
Ngumbar hawa nepsu kependhem
Tega sira medhot sesrawungan
Megat katresnan
Munggel bebrayan
Sasi, warsa, tumekan windu
Ngenteni lereming nepsu
Mugi Gusti paring pitedhah

Amrih lumering manah


Pating semribit bahke gegodhongan
Tansah semribit ngenani sliraku
Yen alon agawe semilir
Nanging yen gedhe bisa mbebayani
Omah.. wit-witan...
Kabeh padha mabur
Ora peduli kuwi kuate kaya apa
Omah beton lan wit jati puluhan taun uga bisa kena
Yen angine wis nesu
Tumrap ora ana kang bisa ngalangi
Tumekaning angin gedhe



sumber: cintajawaku.blogspot.com
 

Pacelathon kanthi Unggah Ungguh Basa ingkang leres




1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah paring kurmat dhateng tiyang sanes.
2.  Bab-Bab Ingkang Gegayutan Kaliyan Unggah-Ungguh Basa
Tiyang ingkang saged tansah paring kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
1. Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
2.  Peprenahan
Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kaingkang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.
3.  Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah paring kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
4. Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
5. Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
6.  Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.
7. Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.
3. Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:
Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara  basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake, ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:
   Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
   Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
   Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
4. Trap-Trapanipun Basa
  Trap-trapanipun basa ngoko:
a)       Ingkangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;
b)       Ingkangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;
c)       Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d)       Guru dhateng siswanipun.
e)       dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awake dhewe)
  Trap-trapanipun basa ngoko alus
a)       Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b)       Ingkangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil
c)       Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.
   Trap-trapanipun basa krama
a)       Tiyang gineman ing peken
b)       Tiyang sami pinanggih ing margi
 Trap-trapanipun basa krama alus
a)       Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;
b)       Siswa dhateng guru
c)       Pitepangan enggal;
d)       Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;
e)       Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.

Tuladha 1 pacelathon ingkang nganggo basa ngoko lan krama alus:
B. Bapak                       A. Anak
B  :  Lho, kowe Di. Wayah apa tekamu?   Rak ya padha slamet?
A  : Pangestunipun Bapak. Wilujeng . kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.
B  : Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Lha njur sida kepriye, anakmu si Gillang kae kokkon nerusake nyang ngendi?
A  : Menawi lare-lare sami sehat, ketingalipun inggih sami gumbira, dene bab Gillang, mila menika badhe nyuwun rembag. Kajengipun lare badhe sinau dhateng SMA N1 Pati. Kula radi kawratan.
B    : Wah, ya kudu enggal kokputus bab iku. Aja kook sesuwe dene yen kowe njaluk rembugkuu mangkene. Wong tuwa iku iya aja banget-banget enggone nyampuri pepingenane bocah. Yen wong tuwa wus nerangake kanthi gambling siji-sijine, lan iya pikolehe tumrap awake dhewe utawa masyarakat wus cukup. Bocahe milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya yen Gillang  milih sekolah kuwi, sakka rasaku yaw us pas. Aku ora kabotan, dene kowe ora lila iku, rak bab dhuwit sing kudu bokbayarake akeh banget, ta?
A    : Wah, nggih mboten ngaten kok, Pak. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun Bapak.
Tuladha 2 pacelathon ingkang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah
A   :  Mas Nugraha, aku mbokdiwarahi garapan matematika dhek wingi kae, yen ora, mengko akubisa didukani Pak guru. Dhasar wingi aku ora mlebu, ora pamit sisan!
B    :  Lha, ya gene ta, kok ora mlebu? Enya iki lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengkoo mundhak selak mlebu. Ning aja nganti kumel lo, ya! Aku arp ngresiki blabag lan nyaponi kelas.
Tuladha 3 pawongan ngunandika:

“E, aku tak turu sedhela. Awakku kesele kok ora kira-kira.”



sumber : http://cintajawaku.blogspot.com/2014/01/pacelathon-kanthi-unggah-ungguh-basa.html